Wiji terus ngoceh. Diman sing kadung salah omong meneng ae, ngrungokno. Timbang selot ngamuk. Pas bojone wis kesel lek ngomel, Diman kaet ngomong maneh.
"Awakmu mangan jam piro?"
"Yo sak wayah-wayah, sak lerene," saure Wiji karo sik mecucu.
"Mangan iku dibatesi apik, milih-milih yo apik, ning kudu pener. Kerjoane akeh, mangan ae diempet-empet malah gak tepak, awakmu sing ngko gak kuat."
Wiji meneng. Atine sik mbedodok.
"Awakmu kerjo kaet isuk, gak mangan opo-opo. Ngko lek wis mari kabeh kaet mangan. Mari ngunu? Gletakan karo nontok tipi paling-paling. Yo iku numpuk dadine nang wetengmu. Sing bener ki mangan sik, kaet dingge kerjo dadi kalorine digawe. Tontoken Yutub lek gak percoyo," omonge Diman nang bojone.
"Ngko bengi yo ngunu, umek ae lek wis kesel maro kabeh, keluwen trus pingin mangan opo ae. Mari mangan, wareg trus turu. Lha malah ndadi. Lagian lemumu ki sak piro, paling wetengmu iku sing rodok ombo, liyane yo apik ae. Awakmu lek kuru malah koyok wong tipes."
"Sampeyan gak ngrasakno..." saute Wiji.
"Gak ngrasakno opo? Sing penting ki sehat. Bobotmu karo bobotku lak yo sik akeh aku, ning iki dadi otot dadi gak ketok lemu. Kandani kon olah raga kok, obah-obah kono. HP digawe ndeloki Yutub olah raga kae, akeh. Ojo nontoki panganan ae."
Wiji mecucu. Masio dheweke setuju omongane bojone, rasane sik lara atine.
"Gurung diet ae wis mecucu ngunu, ndahno mene diet sisan. Entek aku. Lek males obah olah raga, ngko bengi tak ajari obah sing enak. Gampang. Dijamin kringeten, enak sisan. Ngko bengi ya, saiki kerjo dhisik," omonge Diman karo cengengesan.