"Nukang paling. Dodolan aku gak bakat. Lek nukang sithik-sithik aku iso, biyen tau melu nang mebel."
       "Yok opo maneh. Protes yo gak onok gunane, ngene terus yo kene sing njleput."
       "Halah, kene ki mung buruh kate njaluk opo maneh. Wis untung onok gawean, ngene-ngene yo iso makani anak bojo."
       Lagi ngobrol karo koncone, Nardi moro teko nyedeki Diman sing mangkring nang nduwur motor rokokan.
       "Untung gak untung. Garapan selot akeh mosok gaji semene-mene ae. Pabrik lak yo selot gedhe, untunge yo selot akeh."
       "Selot gedhe yo kebutuhan selot akeh. Timbang nganggur, sakno anak bojo."
       "Lha koen ngomong ngunu enak, oleh bagian..."
       "Bagian opo?"
       "Wis...wis."
       Kroso lek suasanane ora penak, Diman langsung ngendekno obrolan. Wong lanang iku ngajak koncone mulih. Kerjo nang pabrik, akeh uwong ngene, mesti akeh kepinginane, karepe.
       "Lek gak cocok yo metu, gak usah kakean cangkem."