Tomin meneng ae. Arek lanang iku mudun soko sepedae. Iwak cupang sing ditukokno bapake wingi nane wis ora obah. Sik nang botol, ning meneng ae.
"Gak tak ubek, Pak. Tak jak sepedaan."
"Yo bener iku, cek melu sehat ya."
"Ho oh, cek oleh sinar matahari, berjemur."
"Iwak kok djjak berjemur, yo kepanasen," Wiji protes. "Ayo, adus."
Wiji nyandak anake, arek lanang iku digendong dijak adus. Diman sing sik ngeluh boyok nerusno lek leyeh-leyeh.
"Pak, tak tinggal sik. Ojo lali pesenku mau."
Isuk-isuk Wiji wis dandan ayu. Wong wedok iku dijak blonjo nang pasar karo tonggone, kon ewang-ewang. Anake sik turu. Diman sing wis melek, ning sik aras-arasen tangi ora nyauri.
"Pak," baleni Wiji.
"Ho oh," saure Diman karo ngantuk.
Masio ninggal lungo isuk-isuk, omahe Wiji wis resik kabeh. Masak, kumbahan wis mari.