"Wis mari lek umbah-umbah?" takone Diman.
"Uwis. Kate ngewangi ta takok-takok?"
Jenenge Wiji lek kesel gawane pingin ngomel. Diman nyruput kopine.
"Jelas gak," saure Diman mari nyruput kopi.
Gelas kopine diteleh nang nduwur mejo.
"Umbah-umbah ki pisan ae cek gak kesel," omonge Diman nang bojone sing saiki melu lungguh, nang ngarepe.
"Yo sampeyan karo  anakmu gak usah ganti klambi. Pisan ae."
Salah maneh, batine Diman. Ancen wong kesel ki ora usah ditakoni. Ning lek meneng ae ngko jarene ora peduli. Ditakoni yo nyaurine ngejak gelut.
"Sepedaan nang njobo kono lho. Iku dolenanmu pating slengkrah, diberesi," bengoke Wiji nang anake.
Sing dibengoki ora nyauri. Malah nerusno lek sepedaan tekan pawon.
"Iku ngko lek sampek nabrak gelas opo piring, tak a..."