Wiji ngalih, ora peduli bojone sing protes.
"Lho kan, mbujuk."
Wiji mapan nang kasur. Wong wedok iku neleh radio nang mejo samping kasur. Malam Jumat wayahe kisah-kisah horor senengane. Diman sing ora trimo melu mlebu.
"Woo, malah ngenakno awake dhewe," omonge karo melu mapan.
""Apik iki, Pak. Crito demit pabrik gulo kae lho."
"Awakmu ki kok aneh. Diden-deni kok malah seneng. TV onok, DVD yo nduwe, sik ae ngeloni radio."
"Yo bedo. Rungokno ae ta. Crito ngene iki lek sampeyan nontok nang pilem wis jelas kate lapo, ngunu-ngunu ae critane. Lek nang radio ngene, mung suara lak iso mrinding."
"Aku yo mrinding sanding awakmu."
Wiji ngabluk lengene bojone.
"Karo mijeti lak iso sih, wong yo mung dirungokno."
"Yo bedo ngko rasane. Sik ta lah, sak jam thok ae lho."