Sak uwise emake ora ono, radio digowo Wiji. Masio ta ono TV, DVD player, ning suwara radio ora iso ditandingi. Ngrungokno penyiare ngoceh karo ngenteni lagu-lagu sing diputer rasane nostalgia. Wiji eling emake, jaman sik nang ndeso, ayem atine.
Ning mau isuk radione iku moro grak-grok suarane. Radio sing wis ora atek baterei dicolokno listrik  iku  suarane ora resik.
"Yo sik, mari adus."
Bengi mari mangan, Wiji, Diman karo anake nyenuk nang ngarep TV. Diman sing mau wis njanjeni bojone kate ngecek radio wis umek karo perkakase.
"Umur iki," omonge Diman nang bojone.
"Yo dibenakno sik, Pak."
"Yo iso ae, tapi ojo lali bayarane."
"Iyo-iyo, tak idek-idek sampek sak kesele."
"Pijeti, gah aku mbok idek-idek. Koyok awake cilik ae. Mari kesel gak, selot ambyar awakku ngko."
Wiji mesem. Opo ae sing penting radione iso muni apik maneh. Tomin sing turu-turu nang kursi ngenakno ngombe susune sing diadahi botol.
"Mak, iki sopo?"