"Lek Dewi kae gak mergo bosen, ncen dasare nakal kae. Sekolah gak yo tukang kluyuran kae. Ning diajar ngunu yo gak tau kapok, malah selot nemen."
"Arek sakmunu opo iso dikandani karo tangan. Dijak omong njaluke."
"Hahaha yo gak iso, Mas. Diajar ae gak kapok opo maneh mung dijak omong. Malah mung disauri kae."
Sing diomongno jenenge Dewi, arek umur nem belas tahun tanggane Diman. Wingi bengi kaet mulih nongkrong ngopi, Arif lewat omahe Dewi. Arek wedok iku lagi diajar Lik Mah, emake, mergo kaet mulih soko dolan sedinoan.
Dewi karo emake lek jare wong-wong koyok asu karo kucing, ora tahu iso akur. Dewi anak mbarep, adike ono loro, sik cilik-cilik.
"Yo mungkin mergo biasa diajar, dadi gak iso dikandani," omonge Diman.
"Mbuh maneh. Sak elingku kaet cilik kae ancen rodok-rodok. Endele. Sakjane yo gak kaget, wong onok sing diturun."
"Uwis."
Arif mesem. Diman paling ora seneng lek mbahas uwong ngganti koyo ngunu.
"Mas, aku mene prei ya."
"Kate nang ndi?"