Ora iso mbujuki, Diman akhire mung cengengesan. Wong lanang iku ancen nduwe pikiran ora kate crito bojone lek utang koncone dingge mbayar biaya pas Tomin lara wingi. Pikire nyilih sik trus gek disaur, bojone ora perlu ngerti. Beres. Tibake wong wedok iku ngerti mergo ono tanggane sing ngomongi.
"Aku gak masalah sampeyan utang, Pak. Tapi kan iso ngomong dhisik. Dadi lek onok opo-oo, utowo onok sing ngomongno ki aku yo ngerti. Gak hahe hahe koyok wong goblog."
"Iku lho mung nyilih diluk. Masio gurung tak saur kabeh wingi yo wis tak kei separo."
"Diluk suwi nyatane tanggane ngerti, bojone dhewe malah nggomblohi gak ngerti."
Diman ambekan dowo. Urip ora dhewe, nduwe tangga, nduwe kanca, nang kampong, ono opo ae iso dadi omongan.
"Yo wis, kadung. Kate yok opo maneh? Aku wis ngomong salah, njaluk sepuro."
Krungu omongane bojone, Wiji sik mbedodok kaet isuk lara maneh atine. Ning wong wedok iku yo sadar, bojone ora salah. Bojone yo mung pingin njogo dheweke karo anake. Akhire wong wedok iku milih merem.
"Kate nang ndi?"
Isuk-isuk Wiji wis macak ayu. Wong wedok iku yo wis ndandani anake.
"Rahasia," saure nang bojone.
Diman sing kaet mari ngising sik nyawangi bojone. Wong lanang iku mikir opo bojone sik nesu.