Mari mangan lek biasane Wiji sing mberesi, iki Diman ndhisiki bojone. Wong lanang iku ndang ngadeg, nyandaki gelas karo piring trus digowo nang pawon, dikorahi. Pikirane ora penak. Ndelok bojone koyo ngunu mau, atine melu keronto-ronto.
Ngganti bengi Wiji sik meneng. Wong wedok iku ora nesu nang bojone, ning rumangsa nelongso ae. Anake wis merem, anteng.
"Sik nesu ta, Mak?" takone Diman sing gletak nang sanding anake.
Wiji gedheg.
"Sepurane. Aku gak pingin awakmu mikir. Wis kesel lekmu njogo Tomin, masalah ngene cek aku ae sing mikir."
"Mosok lek sampeyan nduwe utang aku gak melu mikir?"
Wiji sing mau meneng saiki mulai ngomong.
"Yo gak ngunu. Aku yo kate ngomong, tapi kan sik repot mergo Tomin yo sik butuh perhatianmu."
"Lek aku gak nakok, gak ngerti, sampeyan yo bakal crito?"
Wiji sik durung trimo.
"Hehehehe..."