Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Daster

4 November 2020   08:15 Diperbarui: 4 November 2020   08:19 223
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Ojo ditariki ngunu tho, ngko suwek."

Dikandani emake, Tomin ora nggambres. Arek lanang cilik iku pancet nariki dastere emake karo ngenakno nyusu. Dipangku emake, karo setengah ngantuk, Tomin dolanan dastere emake.

Brettt!

"Gusti! Temenan tho. Suwek iki lho dastere Mak e," Wiji nyekel dastere sing suwik karo ngomeli anake.

Sing diomeli ora wedi, nerusno lek nyusu emake.

"Yo iku dastere sing wis ketuweken," Diman sing krungu bojone ngomeli anake melu ngomong.

"Ngerti lek wis tuwek yo gak ditukokno."

Rumangsa salah omong, Diman ngukuri gundule karo prengas-prenges. Sing jenenge daster selot tuwek umure alias lawas, selot enak digawe. Ning yo mergo lawas, kenek tangan rodo kasar sithik yo mesti suweke. Koyo dastere sing lagi digaweWiji isuk iki. Daster sing umure podo karo anake iku suwek dowo saka dada tekan weteng goro-goro ditariki anake sing lagi disusoni.

"Mak e udo iki lho, sik."

Wiji mecucu ndelok dastere. Anake sing dijak ngadeg, kate ganti daster ora gelem. Arek lanang sing wis ngantuk iku wegah ngalih saka pangkonane emake, ora gelem nyepot susune emake.

"Koyok wewe ya," Diman nguyoni bojone.

"Bahno," saure Wiji mangkel.

"Hehehe yo ngko tuku maneh. Lemarine Rifai wis mari, ngko awan lek dijupuk iso mbok ngge tuku daster duite."

"Temenan?"

"Ho oh."

Wiji sing mau mecucu langsung mesam-mesem, seneng. Anake wis merem. Diman pamit budal kerjo. Pesenane tangga anyar wis meh dadi. Awan wis iso dijupuk, lemari karo kursi sak set.

"Wis dadi yo, Mas?"

"Ho oh. Kaet ae iki mau."

"Yok opo, kate diangkut atek opo?"

"Gledekan iso ta, Mas?"

"Iso ae. Siji-siji ae. Iki sing onok kocone, didewekno ae."

"Tak nyilih gledekan sik yo, Mas."

"Kene onok kok, sik diluk ngkas tak ewangi. Ngelusi sithik maneh ya, iku koyok onok sing kurang tepak."

Rifai manthuk. Wong lanang manten anyar iku lungguh ngancani Diman sing lagi kerjo.

"Mas..."

Lek mau Rifai ketok seneng, saiki wong lanang iku malih rodo bingung.

"Ho oh, yok opo?"

"Lek misale iki ngko tak bayar kursine sik yok opo? Iso ta?"

Diman ora langsung nyauri, wong lanang iku ngenteni Rifai nerusno omongane.

"Anu. Bukane gak onok duite, tapi tak gawe liyane sik, Mas. Pasti tak bayar, paling suwi semingguan maneh. Maklum, Mas, mari pindahan, keperluane akeh."

"Yo, gpp. Digowo sik ae," saure Diman.

"Sepurane lho, Mas. Lha bojoku ki gak iso dikandani. Kabeh-kabeh njaluk anyar lak bangkrut aku. Sirku ngunu kan manggon nang omahku sik, Mas, lumayan turu gratis. Tak kon sabar sik, ning gak gelem. Njaluk ngontrak dewe. Yo asline aku paham, de'e pingin mandiri. Aku yo pingin mandiri, ning maksudku ki gantian."

Manten anyar sing rung onok rong sasi rabi iku langsung curhat. Diman sing nerusno lek nggarap gaweane ngrungokno karo terus kerjo.

"Ngontrak omah sih gak akeh, Mas. Bayar sisan ngge rong taun cukup lah. Lha ning lek sak isine njaluk anyar kabeh ki sing nggarai mumet. Gurung wingi dingge resepsi kan wis entek akeh, gurung kabeh kebayar."

"Iyo, santai ae. Kapan-kapan gpp, sing penting didhisikno sik," omonge Diman.

"Sakjane aku yo isin, Mas. Gak mung sampeyan, nang tokone Om Jon wingi kae yo sik rung beres kabeh."

"Om Jon lor pasar?"

"Ho oh. Tipi gedi wingi kae kan sik mbayar separo. Bojoku njaluk sing flat, gedi. Aku yo seneng ndelok bal lek gedi, ning yo gak kesusu. Iku mung nuruti koncone, Mas."

"Nuruti koncone yok opo?"

"Bojoku ki pingin pamer, lek koncone moro kabeh ketok anyar, apik. Aku sing mumet."

"Walah. Yo dikandani."

"Uwis, ning malah nggarai rame thok. Jare aku gak ngerti perasaane. Gurung lek de'e gak dituruti ki mesti nangis, aku lak yo gak tego, isin sisan asline lek sampek krungu tonggo, krungu wong tuwone kene."

Diman sing dicritani, Diman sing ambekan dowo.

"Yo wis sing sabar, karo digolekno dalan sing apik dingge wong loro."

"Ho oh, Mas. Biyen pacaran ki gak koyok ngene. Iki sik rong sasi ae rasane mumet thok utekku. Rabi kok ngene nemen yo, Mas."

Diman mesem. Bab ngene iki dheweke karo Wiji wis tau ngliwati, ben dino yo mesti ono ae masalahe.

"Jenenge wong loro, pikiran karo perasaane dhewe-dhewe. Kabeh onok enake, onok gak enake. Jomblo mumet, rabi yo mumet hehehe...Garek kene ae sing pinter-pinter ngatur."

Sore, Diman mulih. Bojone karo anake wis adus.

"Ndang adus, Pak, gek budal nang pasar ya," omonge Wiji nang bojone.

"Lha lapo nang pasar yahmene?"

"Mesti..."

"Mesti opo?"

"Mesti macak lali. Jaremu nukokno daster, sing disuwekno Tomin."

"Mene ae, iki mau rung sido dibayar. Dastere kan sik iso dijait tho iku? Opo nggawe liyane sik ae hehehe..."

Ora nyauri, Wiji wis paham. Masio gelo wong wedok iku ora protes. Diman sing ora penak dhewe.

"Sabar sik ya," omonge nang bojone.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun