"Modal usaha opo? Gawe mebel? Saingane akeh. Peralatane bojomu lak sik koyok ngunu. Mebel saiki peralatane apik-apik. Trus yo sopo sing butuh gawe kursi ben dino, paling rame lek kate riyoyo."
Wiji ambekan rodo dowo. Ngunu iku ora perlu dijelasno nang tamune. Dheweke karo bojone wis sepakat, kerjo sing penting ditenani. Anak bojo ora kleleran, ora kasih sayang mergo ditunggu bapak emake.
"Aku ngerti, mesti mikire eman tho? Jenenge ae modal, ning mesti mbalike. Lek mikir gak gelem kerjo adoh mergo sakno anak bojo, ning uripmu ngene-ngene ae lak yo tambah eman sih. Ndeloken koen saiki, isuk nganti sore opo penggaweanmu? Paling umbah-umbah, masak, ngresiki omah, ngunu ae kan? Duit mung ngenteni dikei bojo, sing yo paling gak mesti tho? Lek koen utowo bojomu iso oleh penggawean sing nggenah kan enak. Tuku mesin cuci, opo diuncalno londri. Gak usah repot masak, tuku nang warung yo akeh."
Wiji meneng. Wong wedok iku mung ngrungokno. Kesel lek omong, gedang karo kopine yo wis entek, akhire tamune Wiji pamit.
"Yo wis ngunu ae, ngko lek pingin kabarono aku. Pikiren sing temenan, mumpung sik enom."
Wiji mung manthuk karo ngeterno tamune metu.
"Iki sik resik, ojo dicampuri regedan."
Ora omong, Diman nyandak klambine sing mau kate diteleh nduwur kasur awor klambi sing dilempiti bojone.
"Ojo dicantolno kono, ndok jeding kono."
Sik meneng, Diman sing mau kaet ae kate nyantolno klambi nang hanger mburi lemari langsung bablas nang jeding.
"Anduke teles, ojo diteleh kono."