Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Umbah-umbah

25 Oktober 2020   08:18 Diperbarui: 25 Oktober 2020   08:30 814
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Umbah-umbah ae gak bosen ta?"

Sing ditakoni meneng ae. Ben dino sing jenenge Wiji umbah-umbah iso ping pindo. Isuk karo sore. Nduwe arek cilik, regedan ora iso mandeg. Ono ae.

"Lek aku ngunu males, Ji. Uncalno londri lak uwes."

Isuk iki pas lagi mepe kumbahan Wiji ketekan tamu. Dudu tamu adoh sih, mung saka kampung sebelah. Sik seduluran yoan.

"Lungguh sik, Mbak, ngko kecipratan banyu."

"Gak, bosen lungguh ndok angkot mau."

"Yo ngadeg ae mau wayahe."

"Ndok angkot yok opo kate ngadeg, sundul ndasku."

Wiji mesem. Wong wedok sing diceluk Mbak iku umure patang puluhan. Rambute sak pundak, ngembang. Clonone jeans ketat, dinduwuri kaos abang sing ora kalah metetet.

"Bojomu wis budal kerja ta?"

"Ho oh."

"Gak pingin golek kerjoan liya ta?"

Wiji ora nyauri. Wong wedok iku nerusno lek mepe klambi.

"Mumpung sik enom. Lek pingin golek duit rodok akeh kan sik kuat. Gak usah Malaysia, Korea ae. Opo Taiwan yo iso. Bojomu lak pinter sih. Geleman yoan, mbarang-mbarang dicandak."

"Gak, Mbak. Adoh soko keluarga ngko."

"Yo adoh, ning gak suwi. Rong taun ae cukup kok. Wis mbalik iku ngko duite."

Wiji nyandak embere sing wis kosong. Wong wedok iku ngajak tamune mlebu omah.

"Kopi ta teh, Mbak?"

"Kopi ae."

Wiji nggawekno wedang kopi gawe tamune.

"Lek koen gak percoyo bojomu, yo koen ae sing budal. Iso yoan."

"Lha anake kate melu sopo?"

"Lha kan onok bapake, moro tuwamu lak yo cedhek omahe. Pengorbanan, Ji. Anakmu umur piro kae?"

"Limang taun."

"Lha iyo, kate mlebu sekolah. TK ae rung kroso, ngko lek wis SD, SMP, trus SMA. Opo gak pingin nguliahno anak yoan?"

"Yo pingin."

"Mung depe thok, ngko dipotong saka gaji ben sasi. Setahun dipotong, mari ngunu yo utuh setahun kedua."

Wiji ngelungno kopi nang tamune. Wong wedok iku melu lungguh nang amben pawone. Ora ngenteni ditawani, kopi panas langsung disruput.

"Duh, panas!"

"Sabar sik, Mbak, kaet umup iku mau banyune."

Tamune Wiji ngelapi lambene atek tisu sing dijupuk saka tas e.

"Aku lek sik enom yo pingin mbalik maneh."

"Sampeyan lak sik enom sih."

"Yo wis gak. Gak payu sak umuranku ngene dadi TKW."

Wiji mung meneng. Sakno mergo durung iso ngombe kopine, Wiji njupukno banyu putih dingge tamune. Wong wedok iku yo nyepaki gedang goreng.

"Gedang mau bengi iki, Mbak, tapi sik enak kok. Mau isuk tak angeti maneh."

"Gawe dhewe ta?"

"Gak. Dikirime Mak e."

Durung iso ngombe kopi, tamune Wiji nyandak gedang goreng. Karo mamah wong wedok iku semangat crito.

"Ben sasi bayarane paling sithik iku nem yuto, Ji. Bedo karo ndok kene. Kerjo nganti boyok mlungker oleh sak juta rong juta wis alhamdulilah."

Masio asline yo ora pingin, ning Wiji akhire nakok.

"Mbayar piro?"

"Selawe. Iki termasuk murah, Ji. Biasane onok sing sampek seket juta."

"Sakmunu yo akeh, Mbak. Dingge modal nang kene yo iso."

"Modal usaha opo? Gawe mebel? Saingane akeh. Peralatane bojomu lak sik koyok ngunu. Mebel saiki peralatane apik-apik. Trus yo sopo sing butuh gawe kursi ben dino, paling rame lek kate riyoyo."

Wiji ambekan rodo dowo. Ngunu iku ora perlu dijelasno nang tamune. Dheweke karo bojone wis sepakat, kerjo sing penting ditenani. Anak bojo ora kleleran, ora kasih sayang mergo ditunggu bapak emake.

"Aku ngerti, mesti mikire eman tho? Jenenge ae modal, ning mesti mbalike. Lek mikir gak gelem kerjo adoh mergo sakno anak bojo, ning uripmu ngene-ngene ae lak yo tambah eman sih. Ndeloken koen saiki, isuk nganti sore opo penggaweanmu? Paling umbah-umbah, masak, ngresiki omah, ngunu ae kan? Duit mung ngenteni dikei bojo, sing yo paling gak mesti tho? Lek koen utowo bojomu iso oleh penggawean sing nggenah kan enak. Tuku mesin cuci, opo diuncalno londri. Gak usah repot masak, tuku nang warung yo akeh."

Wiji meneng. Wong wedok iku mung ngrungokno. Kesel lek omong, gedang karo kopine yo wis entek, akhire tamune Wiji pamit.

"Yo wis ngunu ae, ngko lek pingin kabarono aku. Pikiren sing temenan, mumpung sik enom."

Wiji mung manthuk karo ngeterno tamune metu.

"Iki sik resik, ojo dicampuri regedan."

Ora omong, Diman nyandak klambine sing mau kate diteleh nduwur kasur awor klambi sing dilempiti bojone.

"Ojo dicantolno kono, ndok jeding kono."

Sik meneng, Diman sing mau kaet ae kate nyantolno klambi nang hanger mburi lemari langsung bablas nang jeding.

"Anduke teles, ojo diteleh kono."

"Nggih, Den Ayu."

"Ben dino yo sik gak apal ae," Wiji ngomel.

"Ben dino ngene yo awakmu sik sayang."

"Mbelgedes," saure Wiji.

Mari mbalekno anduke nang sampiran mburi omah, Diman mbalik kamar.

"Ben dino ngomel ae gak kesel ta?"

"Ben dino nggarai wong ngomel gak pingin berubah ta?"

"Wouh hehe...hehe."

Ora nyauri, Diman malah cengengesan.

"Aku ben dino kerjo yo gak ngomel," omonge Diman karo gletakan nang kasur.

"Ho oh, aku ben dino yo mung tura-turu."

"He...he...he. Gak. Gak popo ngomel, umbah-umbah ancen kesel kok."

Wiji mung nyebek. Wong wedok iku sik nerusno lek nglempiti klambi.

"Suk tuku mesin cuci."

"Ngge opo. Ngene ae enak, dingge olahraga."

"Yo ojo. Olahraga kok umbah-umbah, olahraga iku senam, erobik kae."

"Halah, koyok oleh-oleho ae."

"Loh, yo oleh. Kapan aku nglarang awakmu senam?"

"Wingi aku kate renang gak mbok olehi."

Diman mesem.

"Yo seje. Wong awakmu gak iso renang kok. Senam oleh."

Wiji mlengos.

"Alasan."

Diman mesam-mesem.

"Ayo olahraga sik kene, karo aku," ajake karo sik mesam-mesem.

"Males, mending umbah-umbah," omonge Wiji karo metu saka kamar.

Follow Instagram @kompasianacom juga Tiktok @kompasiana biar nggak ketinggalan event seru komunitas dan tips dapat cuan dari Kompasiana
Baca juga cerita inspiratif langsung dari smartphone kamu dengan bergabung di WhatsApp Channel Kompasiana di SINI

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun