"Gak usah takok ayu opo gak, masio gak patio ayu wong yo wis kadung tak pilih."
Mangkel krungu omongane bojone, Wiji nyiwit pinggule bojone, nggarai wong lanang iku ngaduh.
"Malah njiwit. Lek nganggur kene pijeti, ngko tak opahi."
"Opahi opo?"
"Ambung."
"Males."
Tomin wis merem nang kasur. Arek lanang iku kekeselen sedinoan dolanan.
"Opahi gelang ya?"
Ora banter, Wiji ngomong koyok wong lagi mbisiki, lirih. Masio Diman lagi ndelok sinetron ning omongane bojone mlebu nang kupinge, krungu.
"Gelang karet? Lha dingge opo katene. Kate maen karo arek-arek ta?"
"Lha lapo njaluk gelang karet, padakno Tomin ae."