"Alot ae sampeyan iso subur ngene kok, opo maneh lek gak a lot."
Kate arek-arek, bapak-bapak opo ibu-ibu lek wis kumpul yo iso tekan ngendi-endi omongane. Kesel mari senam, kemeng cangkeme mamah jajan, selot guyub lek ditambahi crito-crito sing kerepe curhatan rumah tangga.
"Mbok koyok Wiji kae, nrimoan."
Ngerti jenenge disebut, Wiji sing lagi ngombe noleh.
"Yo Wiji kae enak, bojone mbeneh kok. Kabeh bayaran dikekno. Masalah akeh sithik kan garek lek ngatur."
"Lha iyo, bojoku lek koyok Diman kae aku yo trimo. Wong jalukane gak tau aneh-aneh. Sregep kerjo. Gak tau omben opo main."
Ora nyauri, Wiji mung mesem thok. Wong wedok iku ora pingin melu mbahas, opo maneh mbahas rumah tanggane. Dijarno ae tonggo-tonggone iku omong opo ae.
"Ning kan anake sik cilik, gurung sekolah. Suk lek wis mlebu sekolah yo embuh, siap-siap ae."
"Melu asuransi ae lho, Ji. Mumpung Tomin sik sakmunu gak popo diasuransekno. Iso milih kok sesasine piro."
Wiji sing mau mung ngadeg rodo adoh akhire melu lungguh. Masio ora melu-melu mbahas ning wong wedok iku ngrungokno. Dudu ora seneng melu ngobrol, ning perkoro njero rumah tangga cukup disimpen dewe karo bojone.
"Caca yo wis tak daftarno. Ben sasi mangatus. Mlebu SD ngko oleh. Trus mlebu SMP, SMA, lumayan kok."