"Makane urip ki gak usah kakean gaya."
"Sampeyan yo melu ngrasakno kok."
"Iyo, ngrasakno mumete!"
Isuk-isuk tonggo sebelah omahe Diman wis rame. Perkorone, Suti karo bojone lagi tukaran. Wong lanang wedok sing omah-omah meh sepuluh taun iku masio ora ketok soko njobo ning suwarane krungu banter nang tonggo kiwo tengen. Ora mung suwara banter, suwara piring karo gelas dibanting yo krungu.
"Mak e..."
Tomin sing wedi krungu suwara banter langsung njaluk gendong emake.
"Pak, tak nang pasar."
Diman manthuk. Wong lanang iku paham, bojone pingin nggowo anake ngalih cek ora krungu wong tukaran. Diman sing lagek tangi ora metu, wong lanang iku milih mlebu jeding, adus.
"Nangis-nangiso, gak urus. Wong wedok gak iso ngatur omah yo koyok ngene. Senengane utang, gak mikir bojone jungkir walik lek kerjo."
Jenenge tukaran, suwi-suwi yo mesti ono sing nangis. Mangkel, kesel, lara ati, campur rasane, akhire yo mung iso nangis.
"Isone mung nyalahno, gak mikir angele ngobengno duit. Mbok pikir duit sing mbok kei cukup dingge anak-anakmu?"
"Yo cukup ae lek koen iso ngatur. Tuku sing penting-penting. Kere kok kakean gaya. Saiki kakean utang, sopo sing mumet?"
Ora mung Suti, anak-anake sing sik cilik melu nangis. Arek sing kudune wis budal sekolah iku malah mung melu tangisan nang omah. Perkorone Deni, anake sing mbarep, kelas 3 SD njaluk duit dingge mbayar sekolah. Ora nduwe duit, Suti njaluk nang bojone. Parjo sing lagek ae mulih, ora nduwe duit, dijaluki karo diomeli bojone akhire muntap, ngamuk.
Diman kaet ae mari adus. Bojone sik durung mulih soko pasar. Tonggo sebelah wis ora ono suwarane. Diman nyandak gelas kopi nang duwur mejo sing wis disiapno bojone. Mari ngentekno telo goreng loro, wong lanang iku budal kerjo.
"Wis ganteng ngene kok nangis. Uwis."
Wiji ngelapi pipine Deni. Arek lanang sing emak bapake mari tukaran iku mlaku budal sekolah. Isin ora nduwe duit dingge mbayar sekolah, isin bapak emake mari tukaran, arek lanang umur sangang taun iku nangis. Tomin sing nang gendongane emake nyebek-nyebek lambene. Arek lanang iku melu sedih ndelok Deni.
"Cukup?"
Wiji ngelungno duit rong puluh ewu dingge Deni. Arek lanang iku langsung nyawang Wiji. Duit nang tangane Wiji ora ditampani, Deni malah mung mlongo.
"Gak popo, iki."
Wiji ngomong alon karo nglebokno duit nang sak klambine Deni. Deni sik meneng ae, ning saiki arek lanang iku manthuk. Luh e sik netes nang pipi. Wiji nggeret jarik sing dingge nggendong anake, dilap luh arek nang ngarepe iku.
"Uwis, ngko telat," omonge maneh.
"Suwun, Lik," omonge Deni nang Wiji.
"Ho oh."
Oleh duit, Deni langsung mlayu nang sekolahane. Wiji ndelok soko mburi karo mesem. Tomin sing mau kate melu nangis seneng ndelok Deni mlayu. Arek lanang iku kroncalan nang gendongan.
"Sekolah?"
"Emoh."
Wiji sing mau mari soko pasar ketemu Deni nang dalan. Ora tuku sayur, wong wis mari lek masak. Wong wedok iku mung nukokno anake jajan. Yo ora suwi, mergo pikirane nang sebelah omah. Ora wani nakoni, mergo ora pingin ngurusi rumah tanggane uwong. Wiji mung kepikiran anak-anake Suti. Ora pisan pindo Suti tukaran rame karo bojone. Urip nang kampung, omah mepet-mepet wis biasa lek krungu koyo ngunu.
Anak telu, sing loro wis sekolah, sing kerjo mung bojone yo ancen abot. Wiji kerep di-curhati Suti. Lek didelok yo Suti ora tau tuku sing aneh-aneh, paling banter kredit klambi. Jenenge wong wedok, kadang rodo angel ngerem lek ono klambi model anyar. Opo maneh ditawani iso dikredit.
"Mak."
Wiji glagepan. Wong wedok iku kaget.
"Sampeyan kok nang omah?"
"Ho oh, kangen."
"Mbelgedes."
Wiji sing kaet mlebu omah kaget bojone nang omah.
"Gak kerjo?"
"Kudu ngising iki mau, mulih maneh."
"Wis maem?"
"Iku mau ngemplok telo."
"Maem sik, wis mateng segone."
Diman njupuk Tomin soko gendongane bojone. Wiji njupuk piring trus njupukno sego dingge bojone.
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H