Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Tanggal Limo Las

20 Oktober 2020   07:33 Diperbarui: 20 Oktober 2020   07:44 234
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

Mari garapan omah beres, Wiji budal adus. Ora mung adus, wong wedok iku umbah-umbah sisan. Wis dadi kebiasaan, adus brarti umbah-umbah. Klambi sing mau digawe langsung diucek bareng karo klambi regedan bojo karo anake. Howo panas wis biasa, ning isuk iki Wiji ngroso ora koyo biasane. Kesumuken wong wedok karmas, cek seger.

Kumbahan wis beres, wis dipepe. Anake sing wis ngganteng melu bapake. Dino iki Diman ora budal kerjo. Wong lanang iku kate nang kelurahan, ngancani emake sing kate ngurus surat lemah. Mari mangan karo anake, Diman ngenakno lungguh karo ngopi. Tomin dolanan montor-montoran nang sandinge. Ora suwi, arek cilik iku diceluk kancane.

"Ojo nang embong lek dolenan, nang teras ae."

Tomin manthuk karo mlayu. Mari anake ngalih, Diman ngetokno rokok. Wiji sing kaet soko mburi omah mlebu karo sik bebetan anduk. Wong wedok iku mlebu kamar. Ndelok bojone, Diman melu mlebu kamar. Nang kamar Wiji lagi lungguh karo ngadep kipas. Wong wedok iku lagi nggaringno rambute.

"Segere," omonge Diman.

Wong lanang iku mesam-mesem karo nyawang bojone.

"Makane adus cek seger."

"Adusi," omonge Diman ngalem.

Ora nyauri bojone, Wiji ngusek-usek rambute. Diman sing mau ngadeg nang mburine pindah lungguh pinggir kasur.

"Mak hehehehe..."

"Lapo?"

Diman sik mesam-mesem. Wiji pancet ngadep kipas, ora nyawang bojone.

"Sumuk," omonge Diman.

"Adus kono."

"Ngko ae."

Ora mung mesam-mesem, Diman saiki nyawili lengene bojone.

"Opo sih."

Lek mau Wiji ora nyawang bojone, sik umek karo rambute, saiki wong wedok iku noleh. Diman mesem. Wiji nyebek. Diman kedep-kedep.

"Emoh."

"Wou. Gelem no."

"Adus kono lho."

Risih dijawili bojone, Wiji mbenakno lek lungguh, ngadoh.

"Aduse ngko ae, sisan."

"Emoh, aku wis adus ngene kok."

"Ngko adus maneh, karo aku hehehe..."

Diman sik ae kate nyekel lengene bojone, moro-moro anake mlebu. Tomin njaluk duit, kate tuku es krim. Diman ngrogoh clonone, wong lanang iku ngelungno duit rong ewuan nang anake. Seneng dikei duit bapake, arek lanang iku mlayu metu maneh. Wiji sing wis mari lek ngaringno rambute ngadeg. Wong wedok iku marani lemari, kate njupuk klambi. Diman sing mau lungguh melu ngadeg.

"Man...Man!"

Durung Diman nyekel bojone, soko njobo suwarane emake mbengoki jenenge. Wong lanang iku glagepan trus metu. Wiji mung mesem trus klamben.

"Malah rung adus. Gek ndang. Jam piro iki?"

"Sik yahmene."

"Yo kudu isuk-isuk, selak Pak Lurahe lungo ngko."

Ora mbantah, wong lanang iku bablas nang jeding, adus. Wiji sing wis mari lek klamben metu nemoni moro tuwane.

"Sarapan, Mak."

"Uwis. Bojomu wis tak kandani isuk ae lek budal, malah rung adus."

Wiji mung mesem ngrungokno moro tuwane ngomeli bojone.

"Kopi ta, Mak?"

"Nggak usah, ngko ae."

Mangkel ngenteni anake, moro tuwane Wiji pamit mulih.

"Kon ndang-ndang iku ngko, tak enteni omah."

Wiji manthuk. Ora let suwi bojone metu soko jeding. Wong lanang iku wis mari lek adus. Wis ngerti emake ngomel, Diman ora suwi-suwi lek klamben.

"Dienteni mak nang omah."

"Ho oh. Enteni ya, diluk thok."

"Enteni opo?"

Ora nyauri, Diman mung mesam-mesem. Raine Wiji abang ireng ndelok bojone mesam-mesem ora jelas. Wong wedok iku isin-isin dhewe.

"Mene njupuke."

Jenenge ngurus surat, sedinoan Diman karo emake wira-wiri. Ora mung wira-wiri, ngentenine yo suwi. Jam siji wong lanang karo emake iku kaet mulih.

"Sik yahmene kok yo gak digarap sisan, sik jam siji."

"Yo akeh garapane."

"Akeh opo, wong yo mung ngobrol ngunu."

Emake Diman sik ae ngomel. Wong wedok iku mangkel mene sik kon mbalik maneh. Mari ngeterno emake, Diman mulih.

"Kate nang ndi?"

"Senin iki, pengajian."

Tekan omah, mari mangan, Wiji malah kate lungo. Diman nyawang bojone sing lagi dandan nang ngarep koco lemari. Wong lanang iku akhire gletakan.

"Mulih jam piro?"

"Rahasia."

"Rahasia opo," omonge mangkel.

"Lha yo koyok biasane. Jam papatan."

Diman nyawang jam dinding. Jam setengah loro. Wong lanang sing kekeselen iku merem.

"Assalamualaikum..." omonge Wiji alon nang kupinge bojone.

"Woo..."

Diman sing kaget kate nyandak tangane bojone, ning Wiji wis dhisik endo. Wong wedok iku mesem karo ngalih. Diman nyawang bojone karo mesem. Ora suwi wong lanang iku turu.

"Enak!"

Tomin sing oleh jajan soko emake kesenengen. Jenenge wong wedok nduwe anak cilik, oleh jajan nang pengajian sing diilingi yo anake. Jajan kardusan sing dibagekno ora dipangan ning digowo mulih dingge anake. Sedinoan ora kerjo, Diman sing ditinggal bojone pengajian kaet ae tangi pas meh magrib. Mari melek wong lanang iku ora ndang budal adus. Anak bojone wis ngenteni kate mangan.

"Mangan sik," omonge Diman ndelok Wiji kate protes dheweke ora adus sik.

Wis wareg. Wis enak awake, Diman nyandak anduk.

"Anake dikeloni sik," omonge Diman nang bojone karo mesem.

Wiji meneng ae, ora nyauri. Wong wedok iku ngancani anake sing lagek dolanan karo ndelok tipi. Jam setengah songo Tomin lagek merem. Wiji mbenakno kasure, dingge ndeleh anake.

"Kate nang ndi?" takone Diman pas Wiji kate metu soko kamar.

"Ngancing lawang."

"Aku ae."

Diman sing mau wis gletakan, ngadeg trus ngunci lawang.

"Kate nang ndi maneh?" takone Diman pas mari ngunci lawang ndelok Wiji metu soko kamar.

"Ganti soptek."

Krungu omongane bojone Diman mung meneng, ketengengen. Ndelok bojone matung, Wiji mesem karo nduduhno barang cilik sing dicekel nang tangane.

"Kapan?"

"Mau sore."

Ora omong maneh, Diman mlebu nang kamar trus ngletak. Mari bojone mbalik nang kamar wong lanang iku meneng ae.

"Iki tanggal piro?"

"Tanggal limolas."

Diman ambekan rodo dowo trus merem. Wiji mung mesem nyawang bojone.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun