Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Surup

16 Oktober 2020   08:59 Diperbarui: 16 Oktober 2020   09:09 312
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, Tomin ndok ndi?"

"Lha embuh, wong aku kaet teko kok."

Sore, Wiji sing kaet mari nyapu omah nggoleki anake. Diman sing kaet ae teko lungguh nang ngarep tipi karo kipas-kipas. Keringete ndrodos, kembloh sak kujur awak.

"Ndok ndi arek iku. Gurung adus iku mau," Wiji ngomel dewe karo clingak-clinguk nggoleki anake soko teras.

"Paling yo dolen."

"Biasane yahmene wis mulih kok. Njaluk mangan."

"Yo sopo ngerti dikei panganan iku mau, dadi wis wareg lali mulih."

"Sopo sing ngewei panganan?"

"Yo embuh, wong aku ngomong paling."

Mari ngomong, ora pingin debat karo bojone, Diman ngadeg terus budal nang mburi, adus. Lek wis ngunu iku mending ditinggal ngalih bojone. Timbang selot dowo ngko akhire dheweke sing diomeli. Wiji sing penasaran nggoleki anake nang tanggane. Ora ketemu, wong wedok iku bablas nang omahe morotuwane. Ora nemu sisan, wong wedok iku akhire mulih.

Nang omah Diman sing wis mari adus lagek mangan.

"Pak, anakmu gurung temu."

"Lha ndok ndi?"

"Yo lek aku ngerti gak tak goleki, gak takok sisan."

Salah ngomong, batine Diman. Wong lanang iku ndang marekno lek mangan. Biasane surup ngene anake wis ngganteng, wis mari didusi bojone, lungguh anteng mangan. Mari ngombe banyu putih, Dimang ngadeg kate nggoleki anake.

"Mau trakhir koen eruh ndok ndi?"

"Yo mau dolen. Pamit kate dolen. Gak tak takoni. Wong biasane yo mung ndok sebelah omah ae," saure Wiji karo mulai bingung.

"Nggowo opo areke?"

"Nggowo opo?" Wiji balik nakok maneh.

"Yo mau pas pamut dolen ki nggowo opo? Sopo ngerti nggowo koper opo bangkelan ngunu..."

"Mbok pikir anakmu kate minggat ngunu ta?"

"Yo sopo ngerti, arek saiki kok."

"Lha lapo minggat? Karo sopo?"

"Yo lek ngerti aku gak takok."

Saurane Diman nggarai Wiji sing bingung langsung emosi. Motone menteleng. Tangane wis ngremetan ae, gemes. Diman sing ndelok bojone mulai emosi langsung mesem, cengengesan, wedi. Ora wayahe ngguyoni bojone lek wis rupane koyok ngunu.

"Biasane ora tau adoh-adoh. Paling ndok njero kamar," omonge Diman.

"Yo lek onok ndol kamar wis ketemu kaet mau."

"Njero lemari wis mbok goleki?"

"Lha mhok pikir anakmu gombal?"

"Yo gak. Arek cilik lak biasa dolenan ndok lemari. Delikan trus lali..."

Durung bojone mari lek ngomong, Wiji wis ngalih moro nang kamare. Dibuka lemari klambine. Tomin ora ono. Diman sing ngetutno bojone melu clingukan.

"Iku gundule sopo?"

Digoleki wira-wiri tibake Tomin nang ngisor amben. Arek lanang iku turu ndlujur, murep. Diman nyandak anake, ditokno soko kolong kasur trus digendong metu.

"Tangekno, Pak."

Diman ngambungi pipine anake. Arek lanang iku sik ae merem nang gendongane bapake.

"Tangekno kok. Iku ngko rewel bengi lek yahmene sik turu."

Tomin sing pamit dolan karo kancane tibake wis mulih. Arek lanang iku mau tukaran karo kancane trus milih dolanan dewe nang kamar. Ora kroso dheweke keturon saking kesele dolanan. Turu surup, digugah angel, akhire Tomin ngrengik ae. Didusi nangis, diklambeni ndrenginging, dikon mangan ora gelem.

"Kandani lek sore turu yo ngene iki."

Wiji sing mau bingung nggoleki anake, saiki ganti mangkel mergo anake rewel. Mbarang-mbarang sing dilakoni ora ono sing bener. Njaluk dikukuri gundule, njaluk dikipasi, njaluk diusuk-usuk gegere tapi kabeh rasane ora penak.

"Maem gek turu maneh."

"Emoh huhuhuhu...."

"Numpak motor karo Pak'e?"

Tomin gedheg-gedheg.

"Tipasi, Pak huhuhu..."

"Iyo, iki yo dikipasi. Gletakno kasur ae, Mak, kelonono."

Digletakno kasur, karo dikipasi, Tomin sik ae ndrenginging.

"Mik, Mak, huhuhu..."

"Mik susu? Gawekno, Pak."

"Emoh, mik iti," omonge Tomin karo tangane mlebu nang dastere emake.

"Gak onok susune, wis entek."

Wiji ngeloni anake. Diman sing turu nang sandinge sik ngipasi anake atek buku. Tomin sik ndrenginging karo tangane sing siji nggondeli susune emake.

"Kalah, rek, rojo," omonge Diman lirih.

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun