"Lha lapo minggat? Karo sopo?"
"Yo lek ngerti aku gak takok."
Saurane Diman nggarai Wiji sing bingung langsung emosi. Motone menteleng. Tangane wis ngremetan ae, gemes. Diman sing ndelok bojone mulai emosi langsung mesem, cengengesan, wedi. Ora wayahe ngguyoni bojone lek wis rupane koyok ngunu.
"Biasane ora tau adoh-adoh. Paling ndok njero kamar," omonge Diman.
"Yo lek onok ndol kamar wis ketemu kaet mau."
"Njero lemari wis mbok goleki?"
"Lha mhok pikir anakmu gombal?"
"Yo gak. Arek cilik lak biasa dolenan ndok lemari. Delikan trus lali..."
Durung bojone mari lek ngomong, Wiji wis ngalih moro nang kamare. Dibuka lemari klambine. Tomin ora ono. Diman sing ngetutno bojone melu clingukan.
"Iku gundule sopo?"
Digoleki wira-wiri tibake Tomin nang ngisor amben. Arek lanang iku turu ndlujur, murep. Diman nyandak anake, ditokno soko kolong kasur trus digendong metu.