Wiji noleh. Nang mejo sebelahe ono koran bekas, dijupuk trus dibuka.
"Sing ndi sing diwoco. Berita pembunuhan kabeh ngene iki."
"Lak onok sing bagian crito tho biasane, cerpen opo opo ngunu."
Wiji mbukaki maneh korane. Mari nemu sing dimaksud bojone trus diwacakno. Karo ngrungokno bojone Diman merem-merem, mbayangno crito karo setengah ngantuk.
"Tangane meneng ae, keri."
"Hehehe, gak enak gak onok sing dicekeli."
"Yo lek ngko kejejeg gak usah protes."
Jam songo, wong telu iku akhire wis ora ono suwarae, turu. Diman sing keenakan ora pindah lek turu, mlungker nang ngisore sikile anak bojone.
"Iki ae gak popo," Wiji ngomong dhewe.
Wiji sing lagek nang pasar iku mari bingung dhewe. Nang salah siji toko, wong wedok iku bingung milih opo sing kate dituku. Mari nemu pilihane, wong wedok iku mulih.
"Opo iki, Mak?"