Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen Pilihan

Hadiah

14 Oktober 2020   12:05 Diperbarui: 14 Oktober 2020   12:04 212
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Kancil yang kecewa lalu mengejar kera. Dia ingin meminta kembali pisangnya..."

"Kecewa ti opo, Mak?"

"Kecewa ki gelo."

Wiji sing wingi mari nukokno anake buku cerito, bengi iki macakno dingge anake. Tomin sing turu nang sandinge ngrungokno karo njaluk kelon.

"Halimaune mati, Mak?"

"Gak. Lara."

"Onok lumah cakit nang hutan, Mak?"

"Gak."

"Blati ngko halimaune mati, Mak. Gak onok lumah cakit."

"Gak. Iso diobati atek godong-godongan."

"Kela nakal ya, Mak?"

"Ho oh. Ojo nakal ngko koyok kera sampeyan."

"Edi kae nakal, Mak, atu gak nakal. Edi koyok kela ya, Mak."

Jenenge arek cilik. Cerito durung mari wis akeh sing ditakokno. Wiji eling omongane tanggane wingi. Arek cilik apik lek kerep diwacakno cerito cek imajinasine kuat, pinter, sisan marai opo sing apik opo sik elek.

"Wis gek bobok. Mene maneh," omonge Wiji nang anake.

"Wis mari lek crito?"

Diman sing kaet teko soko kumpul warga langsung munggah kasur. Wong lanang iku ngambungi anake sing mlungker nang keleke bojone.

"Pak'e koyok kela ya, Mak."

Wiji mesem.

"Wooo...ganteng koyok ngene kok koyok kera."

"Pak'e nakal."

Diman cengengesan. Wong lanang iku akhire melu nggletak nang ngisor sikile anake karo nggudani arek cilik iku. Tomin sing keri kroncalan.

"Uwis ah, cek turu."

Ora let suwi Tomin sing wis ngantuk keturon. Diman sing mlungker nang ngisor sikile anake ganti ngoreki sikile bojone.

"Mbok aku diwacakno sisan, pisan-pisan yo pingin."

"Diwacakno yasin ta? Wis kroso?"

"Hush, lambemu."

Wiji ngempet ngguyu.

"Aku biyen gak tau dikonokno karo Emak. Ndang tak njajal."

"Iki? Bukune Tomin?"

"Yo ojo, sing dewasa."

"Sing dewasa yo buku yasin."

"Iku lho onok koran bekas, ndukur mejo sebelahmu."

Wiji noleh. Nang mejo sebelahe ono koran bekas, dijupuk trus dibuka.

"Sing ndi sing diwoco. Berita pembunuhan kabeh ngene iki."

"Lak onok sing bagian crito tho biasane, cerpen opo opo ngunu."

Wiji mbukaki maneh korane. Mari nemu sing dimaksud bojone trus diwacakno. Karo ngrungokno bojone Diman merem-merem, mbayangno crito karo setengah ngantuk.

"Tangane meneng ae, keri."

"Hehehe, gak enak gak onok sing dicekeli."

"Yo lek ngko kejejeg gak usah protes."

Jam songo, wong telu iku akhire wis ora ono suwarae, turu. Diman sing keenakan ora pindah lek turu, mlungker nang ngisore sikile anak bojone.

"Iki ae gak popo," Wiji ngomong dhewe.

Wiji sing lagek nang pasar iku mari bingung dhewe. Nang salah siji toko, wong wedok iku bingung milih opo sing kate dituku. Mari nemu pilihane, wong wedok iku mulih.

"Opo iki, Mak?"

Yo dibukak."

"Sopo sing ngirimi?"

"Wong ayu."

Diman nyawang bojone. Wiji mesem. Diman sing mari adus mbuka bungkusan nang nduwur kasur sig ono tulisa jenenge dheweke. Kardus cilik dibungkus koran iku ditokno isine.

"Wouh, anyar."

Wiji mesem maneh ndelok bojone.

"Dalam rangka opo iki? Atek dibungkusi barang, biasane gak."

"Lali ta? Iki mau ulang taune sampeyan, Pak."

"Mosok sih."

"Ho oh."

"Suwun yo. Langsung digawe iki?"

"Yo sak sirmu."

Wiji metu. Wong wedok iku seneng bojone seneng karo kadone. Nang pawon wong wedok iku yo wis nyiapno panganan spesial dingge bojone, lodeh terong.

"Pak, ojo njijiki ta."

Wiji sing lagek nyepakno panganan kaget ndelok bojone metu soko kamar mung sempakan.

"Lah, lha yok opo. Aku kan menghargai kadomu."

"Yo tapi mosok mung sempakan ngunu. Njijiki."

"Lha trus lekku pamer yok opo? Cek podho ngerti sempakku anyar mari ditukokno bojoku, kado ulang tahun."

Wiji mecucu. Diman cengengesan.

"Sip. Pas."

"Ngko moro onok tamu mbuh."

"Hehehe iyo, njajal thok iki."

"Pak'e koyok Supelman."

Ndilalah durung Diman mbalik mlebu kamar, anake sing maro soko omahe mbahe teko.

"Koen iku lapo? Koyok wong edan."

Emake Diman sing melu moro, ngeterno putune langsung muni-muni ndelok Diman. Diman sing isin langsung mlebu kamar.

"Mak, maem kene."

"Gak. Aku wis mangan. Tak langsung mulih."

"Jajan, Mak?"

"Gak, wis wareg iki. Kate turu."

Emake Diman pamit mulih. Wiji nerusno lek nyepakno panganan. Diman mlebu kamar, klamben.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun