Wiji sik meneng ngrungokno bojone.
“Arek sakmunu bebane wis abot. Blajar iki, blajar iko. Kudune arek sakmunu ki sing diakehi dolenane. Sekolah penting, tapi guduk mung diajari. Dididik iku sing luwih penting. Yok opo arek iku iso ngatasi masalah, cilik-cilikan ae lah, sing sepele. Yok opo arek iku iso nompo lek misale kalah. Iki malah kakean sing dijejeli, dadine koyok robot. Makane podho stres, trus lek kenek masalah sithik ae koyok ngunu mlayune, seolah-olah gak onok dalan liyo liyane kudu mati, mateni.”
Wiji sing ketengengen ngrungokno bojone nyandak gelas nang ngarepe.
“Lah, kopiku.”
“Ngelak.”
“Anakmu kae ojo kakean mbok omeli. Gurung iso moco nulis yo gak popo, wong yo sik sakmunu ae. Sekolah ae yo gurung kok. Penting lak sehat, dijak opo-opo yo dong.”
Wiji mesem.
“Iyo.”
“Ngko nang omah stres, nang sekolahan tugase akeh. Kate dadi opo nang arek? Mlayune malah sing gak nggenah iso-iso.”
“Ho oh, Pak. Aku kan ngomel sayang.”
“Karo bojo yo kudu ngunu. Ojo mung nuntut njaluk iki, tukokno iko. Ditontok sik bojone onok duwit gak, mampu gak. Trus lek bojone nang omah yo diladeni sing apik, ojo mung dipecuconi, diomeli.”