Jauh tinggi ke tempat kau berada
Ora mung jaranan, Tomin saiki nduwe kaset DVD akeh. DVD bajakan sing ditukokno Emake nang pasar rego limang ewuan iku diseteli gantian.
“Min, ganti kasete Mak.”
“Ojo, apik iti.”
“Halah. Gantian no.”
“Ojo no, iti apik, Mak.”
Lek wingi-wingi anak karo emak iku gantian nyesel, selot suwi Tomin ora gelem gantian. Arek cilik iku pokok wis tangi turu langsung nyetel DVD.
“Gantian, Min,” Diman melu ngandani.
“Emoh.”
Mulane pingin dingge hiburan, sisan dingge belajar anake. Suwi-suwi arek cilik iku ora gelem ngalih soko ngarep tipi. Apike arek iku saiki wis apal lagu-lagu. Itungane yo wis apik. Ning Diman ora pingin anake nang ngarep tipi ae, polahe saiki Tomin malih jarang dolanan nang njobo karo kancane.
E bi si di i ef ji