“Iyo tapi ojo dicekeli, panas iku. Nuk sing apik, kae kursine digeret rene karo sinau.”
Manut omongane bapake, Tomin sing mau ngadeg nang kursi gedhe nang ngarepa bapake njupuk kursi cilik sing biasane digawe sinau-sinauan. Arek lanang iku ngeret mejo belajare sisan. Cek ora ngrusuhi, Diman ngewei anake obeng sing ora digawe karo kotakan isi kabel werno-werni.
“Didandani iku. Suk lek gedhe pinter nyervis, gawe tipi dhewe.”
Tomin mathuk-manthuk. Wong lanang loro iku saiki umek karo cekelane dhewe-dhewe.
“Maem sik, Pak.”
“Iyo, diluk engkas.”
Ora mung sore iki mau, wis rong dino Diman umek ae karo garapane. Ben mulih kerjo, wong lanang iku langsung anteng. Tomin sing seneng dikei kotakan kabel ora kangge melu-melu bapake.
“Yes, mari. Ayo, Min, dijajal sik.”
Diman ngadeg. Wong lanang iku saiki pindah nang ngarep tipi. Anake ngetutno nang mburine.
“Kasete ndi mau,” Diman clingukan.
Tomin melu-melu clingukan.