“Ho oh, ati-ati.”
Diman sing kesenengen ngambung pipine bojone. Anake sing lagek dipetani yo diambungi. Mari ngunu wong lanang sing wis dandan jos iku njupuk sepeda motore, budhal marani pacar anyare.
“Pak’e nungo nang ndi, Mak?”
“Golek kodok.”
Wis sesasi Diman nduwe bojo loro. Wong lanangiku ben dino wira-wiri. Sedino nang omahe bojo tuwo, sedino nang sing anyar. Lek biyen Diman angel adus, saiki ora usah dikongkon wis sregep. Lek biasane wong lanang mari oleh bojo anyar lali karo sing lawas, ora ngunu ngge Diman. Ben nang omah lor, omahe karo Wiji, wong lanang iku mesti nggowo gawan. Panganan, sandangan, dolanan, opo ae digawakno dingge anak bojone.
Lek Wiji karo anake seneng, mergo dioleh-olehi terus, bojo enome Diman senep. Wong wedok sing rupane ayu iku ora seneng lek bojone mulih nang omah lor, opo maneh nggowo gawan akeh.
“Mas, awakku gak enak.”
“Masuk angin ta? Opo kekeselen?”
“Embuh, kaet mau isuk muneg-muneg ae, kudu mutah.”
“Ngombe teh anget kono, masuk angin paling.”
“Sampeyan nang omah ae ya, iki rasane ngliyeng, koyok kate semaput.”