Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Lastri (Bagian) 20

29 Desember 2015   08:39 Diperbarui: 29 Desember 2015   08:39 150
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Bagikan ide kreativitasmu dalam bentuk konten di Kompasiana | Sumber gambar: Freepik

“Golek sing koyok opo?”

                Isuk mari ngeterno Andro sekolah, Joko dijak Marni nang countre HP. Sengojo cek anake lanang ora melu. Arek TK iku lek dijak lungo, mesti ngentek-ngenteki duwit, njaluki jajan.

                “Sing iso muni,” saure Joko.

                “Yo kabeh ae HP iso muni. Kaane Andro kae yo iso muni. Gelem koyok ngunu.”

                Andro nduwe henpon-henponan sing munine banter, lagu anak-anak. Joko gedheg.

                “Iku piroan, Mas?”

                “Siji wolu,” saure mas sing njogo counter.

                “Lha iku murah, tuku siji oleh wolu. Apik yoan.”

                Mas sing njogo counter mrenges karo ngukuri gundule.

                “Sak juta wolung atus, Mbak.”

                Joko sik ae nyawangi barisan henpon nang ngarepe. Arek lanang iku bingung milih.

                “Sing gak gampang rusak,” omonge Marni.

                “Pokok gak dibantingi ae awet kok, Mbak. Ojo dicakoti yoan.”

                Saiki ganti mas sing njogo counter nggudani.

                “Gak tak banting, biasa tak klamuti lek luwe.”

 

***

                Koyok omongane wingi, sore Tarno mapak Lastri nang nggon kerjoane. Mbuk kenek opo, Lastri sing biasane males sore iki manut ae. Nang ndalan wong wedok iku akeh menenge. Mung omong lek ditakoni. Iku ngunu yo njawabe setugel-setugel.

                “Sehat, Mak?”

                Emake Lastri sing lagek nggendong putune kaget ndelok Lastri teko diterno Tarno. Ning wong wedok iku meneng ae pas Tarno ngambung tangane. Lastri meneng ae, bablas mlebu kamar ganti klambi.

                “Wis suwi pindah kene, Mak?”

                “Rong sasi.”

                “Kate turu ta iku?”

                “Iyo.”

                Tarno nginguk bayi lanang nang gendongan emake Lastri sing ketok kriyip-kriyip matane.

                “Selot lemu.”

                “Teh gelem ta? Gak onok sing ngopi.”

                “Gak usah repot-repot, Mak. Wis ngopi kok mau.”

                Tarno lungguh. Emake Lastri pamit mlebu kamar. Nang kamar, Lastri kaet mari salin. Anake sing nang gendongane emake dijupuk, ganti digendong. Ngerti lek emake teko, bayi lanang iku kroncalan, njaluk mik.

                Kate pitu, Tarno pamit mulih. Masio ora akeh omong, ning Tarno seneng Lastri wis gelem nompo dheweke. Sampek tekan omah, wong lanang iku sik mesem dhewe, eling-eling sesorean nang omahe Lastri.

 

***

 

                “Wis ditukokno henpon tapi ojo dingge dolenan ae, opo maneh lek kao adekmu. Disimpen sing temenan.”

                Joko manthuk. Arek lanang iku seneng akhire iso nduwe henpon. Pacare sing pembantu gang sebelah yo nduwe henpon. Iku sing nggarai Joko wingi njaluk henpon nang paklike.

                Masio wis dikandani bulike, Joko sing kesenengen nduwe henpon anyar nang ndi-ndi saiki ora iso adoh soko henpone. Ora mung iku thok, arek lanang iku saiki lek bengi online ae.

                “Koen merem dhisik, yang.”

                “Enggak, koen ae dhisik.”

                “Emoh ah, koen dhisik.”

                “Aku gak pingin ninggal koen.”

                “Ahhh….”

                Bengi-bengi wayahe wong turu, Joko sik ae telpon-telponan karo pacare. Ora banter sakjane, malah mung bisik-bisik. Ning mergo wis bengi, akhire yo krungu tekan kamar sebelah, kamare Marni karo bojone.

                “Rungkono kae, yahmene sik telpon-telponan ae.”

                Marni ngomel nang kamare.

                “Yo jarno, jenenge ae arek enom. Sik seneng-senenge pacaran, ngko lak mari-mai dhewe.”

                Marni mrengut.

                “Ambung, yang hihihihi…”

                Eko mesem. Marni selot mecucu. Joko mesam-mesem nang kamare karo ngeloni henpon.

 

*****

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun