“Wis ditukokno henpon tapi ojo dingge dolenan ae, opo maneh lek kao adekmu. Disimpen sing temenan.”
Joko manthuk. Arek lanang iku seneng akhire iso nduwe henpon. Pacare sing pembantu gang sebelah yo nduwe henpon. Iku sing nggarai Joko wingi njaluk henpon nang paklike.
Masio wis dikandani bulike, Joko sing kesenengen nduwe henpon anyar nang ndi-ndi saiki ora iso adoh soko henpone. Ora mung iku thok, arek lanang iku saiki lek bengi online ae.
“Koen merem dhisik, yang.”
“Enggak, koen ae dhisik.”
“Emoh ah, koen dhisik.”
“Aku gak pingin ninggal koen.”
“Ahhh….”
Bengi-bengi wayahe wong turu, Joko sik ae telpon-telponan karo pacare. Ora banter sakjane, malah mung bisik-bisik. Ning mergo wis bengi, akhire yo krungu tekan kamar sebelah, kamare Marni karo bojone.
“Rungkono kae, yahmene sik telpon-telponan ae.”
Marni ngomel nang kamare.