Tarno meneng.
“Dijajal, wes iso lali temenan gurung.”
Tarno ngerti sopo sing dimaksud Eko. Tarno yo ngerti lek dheweke ora iso ngapusi atine dhewe. Perasaane nang bojone selot tipis, mungkin wis ora ono maneh. Sewalike, perasaane nang Lastri selot ora iso diapusi maneh.
Wis ngadoh, wis ngempet ora nemoni ning bayangane malah selot jelas, ketok terus.
“Sing penting wis nyawang, masalah ngko yok opo dipikir keri. Ojo nyoro awak, mung ketemu thok lak gak popo sih.”
***
“Koen meteng maneh yo, Mar?”
“Gak. Jare sopo?”
“Wou lha jare anakmu lanang kae mau.”
“Loro ae wis mumet ndasku, kate tambah maneh.”