Tarno gedheg.
“Cinta. Lek gak tuntas malah nggarai penyakit,” Eko sik ae ngomel dhewe.
“Gak mikir iku aku, Mas. Ngelu ndasku wisan.”
“Trus kok sik nglentruk koyok gombal teles ngene?”
“Embuh, rasane hambar ae, gak semangat blas.”
Eko ngukuri gundule. Tarno sik pancet karo raine sing ora jelas.
“Ah taek koen iki. Njancuki hahaha….” Eko akhire malah ngguyu-ngguyu dhewe ndelok Tarno.
Ora kroso saking bantere, konco kantor liyane melu noleh.
“Jajal ditemoni sik.”
“Sopo?”
“Sopo? Yo sing lagek mbok pikirno, sopo maneh.”