Emake Lastri manthuk. Wong wedok iku mbenakno seprei karo bantal cek iso dingge turu Dian karo putune.
“Lek umpamane anakku urip, paling yo ganteng koyok putune sampeyan, Mak.”
“Luwih ganteng pasti.”
“Mak iso ae. Tapi mungkin ae, Mak, bapake ngganteng soale, putih, irunge mancung, matane sipit. Cino, Mak.”
Emake Lastri mung manthuk-manthuk. Wong wedok iku lungguh nang pinggir kasur karo nglempiti klambine putune sing wis mari diumbah.
“Urip, Mak, gak onok sing nyongko. Biyen tak pikir bakale apik-apik ae, tibake saiki koyok ngene.”
Dian sing mau ketok seneng malih sendu. Wong wedok sing umure sepantaran karo Lastri iku nglamun.
“Lek biyen aku manut wong tuaku uripku gak bakal susah ngene, Mak. Tapi saiki kate mbalik yo gak mungkin, isin.”
Dian ngambung pipine bayi sing lagek dikeloni iku.
“Nyesel iku mesti nang mburi, pengalaman.”
“Kadang aku pingin mulih, Mak, kangen, tapi wedi.”