“Iyo, mlebu isuk.”
Tarno nyandak gelas nang ngarepe. Disruput kopi sing sik panas iku alon-alon. Mari ndekek gelase, wong lanang iku nyawang Siti sing lungguh nang ngarepe.
“Aku oleh nggendong, Mak?”
Ora nyauri, Siti ngelungno putune sing kaet mau nang gendongane.
“Antep awake. Wis mangan sego iki, Mak?”
“Gurung, nyusu thok.”
“Susune emake?”
“Iyo. Dipumpo trus dikulkas. Untung ae lancar, lek kudu tuku yo abot.”
Emake Lastri sing biasane ora akeh ngomong lek karo Tarno awan iki wis mulai akeh omonge. Sakjoke ngancani anake nang Surabaya, emake Lastri iku ora nduwe akeh konco sing iso dijak ngomong. Sedino-dino ngurusi putune karo ngurusi omah.
“Lapo kok gak nang kampung ae, Mak?”
“Lastri gak gelem. Nang omah kate kerjo opo yoan, tani yo gak mungkin.”