Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Fiksiana

Lastri (Bagian) 9

15 Oktober 2015   08:22 Diperbarui: 15 Oktober 2015   09:35 414
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.

[caption caption="Portrait Seorang Penari karya Basuki Abdullah"][/caption]

“Yok opo, Las, ojo suwi-suwi mikire hehehe…”

Lastri sik meneng.

“Koen wedi karo bojoku ta? Tenang ae, aku wis ngomong kok.”

Pak RT sing kapanane moro nang omah, nembung kate ngrabi Lastri nang emake saiki moro maneh, nembung dhewe.

“Opo koen wedi karo Ratna? Kae ngunu gak usah mbok pikir, arek tukang njaluk duwit koyok Ratna kae pokok sangune gak dikurangi yo gak bakal protes.”

Pak RT sik ae mesam-mesem. Emake Wiji sing ngrungokno soko kamar karo ngeloni putune ora nyuwara. Wong wedok iku mung iso ngelus dada, nelongso ndelok nasibe anak wedoke iku.

“Mboten, Pak.”

“Mboten apane?”

“Belum pingin nikah lagi.”

“Loh, lha lapo? Koen sik enom, ojo ngrusak awakmu dhewe. Koen nduwe hak bahagia, Las.”

“Saya mau ngurusi anak saya, Pak. Belum punya pikiran ke situ…”

Pak RT ambekan rada dowo.

“Gak apik dadi rondo suwi-suwi, Las. Koen ngerti kan pikirane wong-wong soal rondo? Elek, Las, elek. Opo maneh koen dadi SPG, kerjone bengi-bengi, klambine mini-mini.”

Ganti Lastri sing ambekan dowo.

“Yo wis ngene ae, tak kei wektu seminggu maneh. PIkiren sing temenan. Niatku ki apik, kate nulung koen. Ojo nganti koen nyesel mergo salah njupuk keputusan.”

Mari ngomong ngunu Pak RT ngadeg. Raine ketok mangkel.

 

***

“Lastri kerjo, Mak?”

Emake Lastri ndekek gelas isi kopi nang nduwur mejo.

“Suwun, Mak.”

“Iyo, mlebu isuk.”

Tarno nyandak gelas nang ngarepe. Disruput kopi sing sik panas iku alon-alon. Mari ndekek gelase, wong lanang iku nyawang Siti sing lungguh nang ngarepe.

“Aku oleh nggendong, Mak?”

Ora nyauri, Siti ngelungno putune sing kaet mau nang gendongane.

“Antep awake. Wis mangan sego iki, Mak?”

“Gurung, nyusu thok.”

“Susune emake?”

“Iyo. Dipumpo trus dikulkas. Untung ae lancar, lek kudu tuku yo abot.”

Emake Lastri sing biasane ora akeh ngomong lek karo Tarno awan iki wis mulai akeh omonge. Sakjoke ngancani anake nang Surabaya, emake Lastri iku ora nduwe akeh konco sing iso dijak ngomong. Sedino-dino ngurusi putune karo ngurusi omah.

“Lapo kok gak nang kampung ae, Mak?”

“Lastri gak gelem. Nang omah kate kerjo opo yoan, tani yo gak mungkin.”

Tarno ngambungi pipine bayi sing digendong iku.

“Nasibe Lastri No, umur sak munu wis dadi rondo. Kate kerjo ae yo dirusuhi uwong.”

“Disuruhi yok opo, Mak?”

Tarno ngekekno bayi nang emake Lastri maneh. Bayi iku rodo oyeng mergo ngelak. Emake Lastri nampani putune trus ngelungno botol susu ngge putune.

“Onok sing kate ngrabi tapi mekso.”

“Sopo, Mak?”

“Yo lek sik podho enome gak popo, single. Lha iki wis tuwek, nduwe anak bojo…”

Tarno ngrungokno karo mbedodok atine.

“Ojo, Mak, ojo oleh.”

“Yo gak, aku yo gak setuju. Tapi iku kan sing nduwe omah iki…”

“Pindah ae, ngko tak golekno nggon.”

“Aku ngerti koen karo Lastri gak mungkin iso koyok biyen maneh, tapi aku yo pingin koen karo Lastri iso apik maneh. Koen wong loro kaet cilik koncoan, wis koyok dulur…”

Tarno ndingkluk. Pingine yo ngunu, ning angel. Opo maneh Lastri ketoke sik durung iso nyepuro salahe.

“Tak usahakno, Mak.”

 

***

“Rondo gatel, wis ditulungi dikei panggonan malah koyok ngene balesanmu, heh? Kebacut!”

“Sabar, Buk, sabar.”

“Sabar opo? Detik iki koen karo anakmu kudu minggat soko kene, gak sudi aku nyewakno omah ngge koen.”

“Buk, sik ta, sabar dhisik. Sakno…”

Bu RT sing mbuh oleh kabar soko sopo isuk-isuk nglabrak Lastri. Pak RT sing nututi bojone berusaha nyabarno.

“Sampeyan iku Pak, gak eling umur. Anakmu wis gerang kabeh, sik ae dolenan wedokan.”

Ora ngomong opo-opo, Lastri karo emake ngringkesi barang-barange.

“Meneng ae, gak nduwe cangkem koen? Sampek aku krungu maneh koen sik hubungan karo bojoku, ojo arep-arep…”

“Buk, sabar, eling tekanan darahmu,” omonge Pak RT karo sik ngodeli tangane bojone.

“Ancen arek wedok saiki podho gak nduwe isin. Sik enom gak kerjo apik-apik malah nggudo bojone uwong!”

Bu RT terus ae ngomel. Tonggo-tonggo sebelah sing selot akeh ngumpul nang ngarep omah mulai bisik-bisik. Anake Lastri sing mau turu krungu rame-rame langsung nangis.

“Ayu-ayu kelakuan koyok lonte!”

 

*****

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
Mohon tunggu...

Lihat Konten Fiksiana Selengkapnya
Lihat Fiksiana Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun