“Mbok uwis. Wis kadung, kate diapakno.”
Lastri sik ae nangis. Arek wedok iku ora iso ngendekno luh sing terus metu saka matane.
“Ayo mulih.”
“Sampeyan kudu tanggung jawab.”
“Iyo. Cek gak percoyone sih koen mbek aku.”
Karo ngusapi luhe, Lastri mbenakno klambine. Tarno sing wis mari lek rokokan, nyandak kaose.
Nyolong ko Google, bagi yang punya rai: pinjem ya, Mas :)
“Las…”
Sing diceluk ora noleh.
“Lastri!”
“Iku lho onok sing nyeluk awakmu.”
Kancane Lastri sing ngadeg nang sandinge njawil lengene karo ngandani lek ono wong lanang nyeluki soko embong.
“Bahno, gak kenal.”
“Kaet mau lho iku, gak mbok tontok sik ta?”
“Gak.”
“Aku dhisikan. Mene ojo lali, aku tuker lho.”
Lastri manthuk. Koncone sing jenenge Dewi mlaku nang embong, marani bojone sing wis mapak. Ditinggal dhewe, Lastri rada bingung. Bemo sing dienteni durung teko. Wong lanang sing mau celuk-celuk saiki nyedek.
“Ayo bareng aku.”
Lastri gedheg.
“Aku kudu yok opo maneh cek koen gelem nyepuro aku?”
“Lungo.”
Wong lanang sing tibake Tarno iku gedheg-gedheg. Wis ping piro ae Tarno nemoni Lastri, ngajak omong ning Lastri ora tau gelem.
“Lek aku lungo, gak ganggu koen maneh, koen gelem nyepuro?”
Lastri manthuk. Ning dudu sepuro sing dipingin Tarno. Wong lanang iku pingin luwih soko mung sepuro soko Lastri. Ora ngerti opo ning dheweke pingin hubungane karo Lastri iso koyo biyen maneh. Tarno gedheg maneh.
“Aku gak pingin koyok ngene,” omonge.
“Guduk urusanku.”
“Koen sik lara ati.”
“Iku urusanku.”
Mangkel, Lastri akhire ngalih, ninggal Tarno. Ora pingin ditinggal, Tarno nututi. Wong loro iku cepet-cepetan lek mlaku. Sing siji cek iso ndang ngalih, sing siji cek iso nututi.
“Lek sampeyan koyok ngene terus, aku gak bakal iso nyepuro,” omonge Lastri karo mangkel.
“Aku salah, Las, aku ngerti. Aku pingin awake dhewe koyok mbiyen…”
Lastri mandeg. Krungu omongane Tarno kupinge langsung gatel. Raine ketok abang, ngempet mangkel. Disawang wong lanang sing raine mawut, kringeten iku.
“Biyen sing koyok opo?”
Lek biasane Lastri milih ngalih, saiki wong wedok iku ketok nantang. Sing ditantang malih bingung dhewe. Dikukuri gundule sing ora gatel. Rambute sing gondrong mobat mabit kenek angin. Ora oleh sauran, Lastri mbalik maneh, nerusno lek mlaku. Asline yo ora ngerti kate mlaku nang ndi, wong bemo sing dicegat durung teko-teko.
***
“Kopine diombe sik, Mas.”
Tarno mung manthuk.
“Gak kerjo ta sampeyan iki mau? Wis mulih yahmene.”
“Awakku gak penak.”
“Dikeroki ta?”
“Gak usah. Kate turu ae mari ngene.”
“Onok duwit gak, Mas? Pingin nukokno sepatu Dinda.”
“Piro?”
Wong wedok sing ora liyo bojone Tarno iku mesem. Rini jenenge. Wong wedok umur selawe iku wis patang tahun urip karo Tarno. Ora ngenteni disauri, Tarno ngetokno dompete.
“Cukup?” takone karo ngelungno duwit satus ewu.
Rini manthuk. Pisan maneh wong wedok iku mesem.
“Gek diombe kopine trus turu, aku kate nang sebelah sediluk.”
“Dinda nang ndi?”
“Digowo Ibuk.”
***
Pingin ngobrol.
Lastri neleh handphone-e. Ora digagas lek ketemu, saiki pindah nang HP. Mbuh sopo sing ngewei nomore nang Tarno. Ora ngerti wayah, senengane SMS karo miskol-miskol. Ora ono sing dibales. Masio kadang gatel ning lara atine luwih gedhe. Lastri ora pingin ono hubungan maneh karo Tarno. Wis cukup opo sing dirasakno. Wis cukup atine digawe lara.
Aku pingin ndelok anakku.
Durung Lastri ngletakno awake nang kasur, HP-ne muni maneh. Ngantuke langsung ilang. Lek biasane Tarno mung nguber dheweke, saiki wong lanang iku pingin ketemu anake. Disawang bayi lanang sing lagek ngenakno turu iku. Nduwe anak lanang montok koyo bayine, impiane Lastri karo Tarno jaman sik pacaran. Ning saiki wis bedo. Tarno tibake wis nduwe anak bojo. Ora krasa luh netes nang pipine.
“Nasibmu, Le,” omonge lirih karo ngambung bayine.
*****
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H