“Lastri? Koen nang kene saiki?”
Sing ditakoni ora kalah kaget. Saking kagete, ora iso omong opo-opo.
“Koen lali ambek aku?”
Wong wedok sing jenenge Lastri iku gedheg. Tarno nyawang wong wedok ayu nang ngarepe karo rada ngowoh. Dheweke ora nyangka lek bakal ketemu Lastri.
“Wis suwi nang kene?”
Lastri gedheg maneh. Ora suwi wong wedok iku pamit. Tarno nyawang wong wedok iku soko pucuk rambut nganti sikil. Masio pacakane seje, rupane rada malih mergo atek make up, Tarno yakin iku Lastri, wong wedok sing tau nang uripe.
Ora iso turu, Tarno akhire tangi maneh. Wong lanang iku metu soko kamare. Jam sewelas, meh tengah wengi. Tipi nang ruang tengah disetel masio ora dikei suwara. Bayangane Lastri ora iso ilang soko pikirane, selot genah nang ngarepe. Rokok sing diuripno ora nggarai atine tenang, sewalike selot mumet.
Lastri, saiki dadi SPG nang mall. Ora kaget lek selot ketok ayu. Pacakane apik, resik, wangi. Biyen ora mungkin wong wedok iku nggawe klambi rok endek karo klambi ketat ngunu iku. Ora bakal wani lan ora bakal oleh.
“Jancuk!”
Mangkel ora iso ngilangno pikirane, Tarno misuh-misuh dewe.
***