Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Cerpen

Mangkel

17 April 2015   08:01 Diperbarui: 17 Juni 2015   08:00 262
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
Cerpen. Sumber ilustrasi: Unsplash

"Pak, terno nang pasar."

"Biasa budhal dhewe. Selak dienteni aku."

Wiji mecucu ning meneng ae. Wong wedok iku ngalih, mlebu nang pawon.

"Pak, tukokno gas."

Isuk iki ganti Wiji njaluk tulung bojone tuku gas. Ndilalah kate masak gas'e entek.

"Pak."

Ora disauri, Wiji mbengok maneh saka pawon. Bojone sik nang kamar, turu.

"Yo," saure Diman aras-arasen.

Dienteni sepuluh menit ora moro, Wiji marani bojone nang kamar. Tibake Diman sik ngenakno lek turu. Ora omong opo-opo, Wiji mbalik nang pawon maneh.

"Mak, melu."

Tomin sing kaet tangi ndelok emake nggawa tabung gas njaluk melu.

"Ndok omah ae, sediluk."

"Emoh, melu."

"Kepet ngunu. Yo kene, ayo."

"Gendong."

"Mlaku dhewe, mak'e nggawa gas ngene, abot iki."

"Gendong."

Tomin ora gelem ngalah, arek lanang sing sik aras-arasen iku mekso njaluk gendong emake. Akhire gelem ora gelem Wiji nggendong anake. Tomin digendong sisih tengen, tangane sing kiwo nggawa gas.

"Atu dolen ya, Mak."

Rada awan, mari mangan, adus, Tomin pamit emake kate dolan. Wiji sing kaet mari ngurusi omah iku mung manthuk. Lek pamit ngunu iku biasane Tomin dolan nang omahe mbahe utawa tanggane. Bojone sing lagek libur durung tangi.

"Timbang meneng ae, dolen sisan ae lah," omonge Wiji karo awake dhewe.

Mari adus, wong wedok iku dolan nang tanggane. Tibake nang tanggane lagek ono sales sing nawakno kosmetik karo klambi.

"Dingge ngko bengi, Ji, tuku sisan," omonge tanggane.

"Lha mosok turu ae kate make up-an," saure Wiji.

"Loh, koen gak melu nang omahe Reni ta?"

"Reni? Wiji sing durung dong.

"Wou, yok opo arek iki? Koen lak wis oleh undangane tho. Reni iku lak biyen kancamu pabrik sisan? Mosok koen gak diundang?"

Wiji ngeling-eling. Kapanane wong wedok iku oleh undangan saka kancane, Reni.

"Oalah, ho oh, sing undangan reuni iku kan?"

"Iyo."

Jarang ketemu, Wiji karo kanca-kanca pabrike bakal reunian nang omahe Reni. Ora kabeh, ora akeh, mung sekitar wong sepuluhan, sisan syukuran omahe Reni sing anyar.

"Mari magrib yo?"

"Iyo. Budhal bareng tho? Wong loro ae ngko, aku gak diterno bojoku kok."

"Gak oleh nggawa anak yo?"

"Ho oh, gak oleh nggawa anak bojo. Ndok undangane lak ditulis ngunu."

Wiji ngukuri gundule. Wong wedok iku lali temenan.

"Numpak bemo ae, pisan thok."

Wiji manthuk trus pamit mulih. Nang omah wong wedok iku mikir. Bojone durung diomongi. Diman sing wis tangi lagek mangan. Ora ngomong bojone, wong wedok iku lunga maneh.

"Pecah iku ngko kocone suwi-suwi."

Sore, mari mulih saka lunga, Wiji adus trus macak. Klambine nang lemari ditokno kabeh, dijajali siji-siji. Bojone sing nang njero kamar mung ndeloki.

"Wangi men," omonge Diman karo ngendusi rambute Wiji.

Ora nyauri, Wiji sik ngenakno lek njajali klambi.

"Kate nang ndi?"

Wiji sik ora nyauri. Klambi sing kate digawe reunian wis nemu. Wong wedok iku wedakan trus bengesan.

"Kate lunga nang ndi?" Diman mbaleni lek takok.

"Reuni."

"Tomin opo wis adus?"
"Uwis."

"Lha kok gak dipacaki sisan?"

"Gak melu."

Diman ngukuri gundule. Wiji wis ayu. Saiki wong wedok iku nyisiri rambute.

"Koen mari nyalon yo?"

Wiji manthuk. Awan mau wong wedok iku nang salon cedek omahe. Asline ngunu mangkel karo bojone sing pirang-pirang dina iki angel dijaluki tulung. Nang salon Wiji creambath.

"Tak adus sik."

"Gak usah, numpak bemo kok."

"Lha lapo? Wong nduwe montor kok numpak bemo."

"Wis janjian karo Nani."

Diman mandeg, wong lanang iku ora sido budhal adus.

"Ojo bengi-bengi, ngko digoleki anakmu."

Wiji ora nyauri. Anake wis dititipno nang maratuwane. Mari lek macak, ngaca, wong wedok iku metu. Diman mung nyawang bojone.

"Mulihe dipapak gak?"

"Gak."

"Nesu?"

"Gak."

Lek wis saurane gak-gak ngunu iku mesti nesu. Diman ngeling-eling. Ora ono sing salah. Rumangsane dheweke yo ora nyalahi. Mari ditinggal bojone Diman sing meh sedinoan mau turu ora iso turu maneh. Anake durung mulih, sik nang omahe embahe. Glubak-glubuk nang kasur ngarep tipi, wis ping piro lek ganti saluran ning ora ono sing pingin didelok.

Jam wolu bojone durung mulih. Anake diinguk nang omahe emake wis merem. Wedi lek malah tangi lek digendong mulih, akhire dijarno anake turu nang kono. Kate mangan aras-arasen. Diman ngambu awake dhewe. Wong lanang iku akhire adus maneh. Ora mung adus, wong lanang iku ganti klambi sing rada apik.

Jam songo Wiji sik ae durung mulih. Diman selot ora tenang. Kate digoleki tapi nang ndi. Wong lanang iku mau lali ora nakoki bojone lunga nang ndi. Mergo ora penak atine, Diman mara nang omahe emake maneh. Karepe ngunu ndelok anake.

"Wou, dienteni gak mulih-mulih, malah nang kene."

Wiji sing wis mulih saka reunion tibake ora langsung nang omah tapi mampir nang omahe maratuwane. Wong wedok iku lagek ngeloni anake sing wis merem.

"Ayo mulih," omonge Diman.

"Tomin wis merem, tak turu kene ae."

"Wou, tak gendonge."

"Malah tangi ngko. Sampeyan ae muliho dhewe."

Diman meneng. Ndelok bojone sik utuh, sik ayu, wong lanang iku ora gelem mulih.

"Ndang, aku selak ngantuk."

"Ngantuk yo turu kono, wong garek merem ae," omonge Wiji ora gelem ngalih.

Diman mecucu.

"Ayo ta," ajake maneh.

Wiji meneng ae. Wong wedok iku nerusno lek merem.

"Rodok rono, aku tak turu kene sisan."

"Gak cukup, ceblok ngko anakmu," saure Wiji karo sik merem.

Diman nyawang bojo karo anake sing nggletak nang kasur. Kasure sing dinggone cilik, ora cukup lek dheweke melu turu kono.

"Mene tak terno lek kate nang pasar."

"Tak tukokno gas."

Diman sik ae ngrayu bojone.

"Ojo rame ae, wis bengi," bengoke emake Diman saka kamare.

Wong lanang iku akhire krembuk-krembuk mulih. Wiji mesem.

***

Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
  5. 5
  6. 6
  7. 7
  8. 8
Mohon tunggu...

Lihat Konten Cerpen Selengkapnya
Lihat Cerpen Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun