Wiji manthuk. Diman nyandak sepeda montore. Nang dalan Wiji sik mikir opo sing diobrolno arek loro iku mau. Arek wedok iku meneng ae, ora omong blas.
"Semaput ta?" godane Diman.
Wiji ora nyauri. Diman mesem. Arek lanang iku narik tangane Wiji terus ditemplokno nang bangkekane. Karepe cek arek wedok iku nyabuk. Wiji sik ora ngomong ning manut ae. Tangane loro karo nyekel bangkekane Diman.
"Ojo diculno," omonge Diman karo ngebut.
Mulih saka rumah sakit, Diman ngajak Wiji mampir nang warung.
"Ngijoli kulitmu sing tak emplok wingi," omonge Diman.
Wiji mesem. Seje karo arek lanang sing seneng duwe pacar ramping, Diman luwih seneng lek Wiji awake seger. Seneng mangan, ora atek diet. Wiji iso mangan opo ae sing disenengi.
"Gak nambah?"
"Uwis."
Ning mergo sik penasaran, Wiji takon maneh perkara sing diomongno karo Hadi sore mau.
"Wou, pingin ngerti ae."