"Iki, wes wareg areke," omonge Diman nang bojone sing sik mapan turu.
Wiji melek. Tomin sing dilungno bapake langsung ngrangkul emake.
"Dolenan kene ae, Mak'e ngantuk," omonge Wiji.
"Wes tak tukokno pecel kae, mangan sik kono."
"Yo, ngko ae."
"Ditinggal gak popo?" takone Diman.
"Gak."
Ora tenang ninggal bojone sing lagek lara, Diman ndang mulih. Nang omah bojone sik gletakan, ora nang kamar tapi nang ngarep tipi. Anake ora ketok. Diman ndelok sego pecel sing lek tuku mau isuk ora dientekno karo bojone.
"Nang njero kono, mumet ngko malahan lek ngge nontok tipi kaya ngunu."
Dina iki awake Wiji krasa ora penak. Mangan aras-arasen. Wetenge sebah. Wong wedok iku masuk angin. Ora nyauri, Wiji langsung ngadek terus pindah nang njero kamar. Klambine wes salin.
"Wangi men," omonge Diman ngambu bojone sing lewat ngarepe.