Diman meneng ae ndelok anak bojone gembrah dewe. Wong lanang iku malah lungguh karo kipas-kipas.
"Pak'e..."celuke Tomin.
"Min...Min, gurung duwe pacar ae koen angel sinau ndahno lek wis pacaran, kate dadi opo. Gurung maneh ngko lek pacarmu meteng, trus sekolahe putus, kate kerjo opo koen? Anak bojomu mbok pakani opo?" omele Wiji.
"Halah mbuh, mak'e ki mesti kok ancene. Gak seneng lek anake seneng. Wong pacaran ae gurung disangoni wis mikir ngetengi anake wong. Lha areke gelem karo aku ae gurung mesti. Iki sik usaha tapi lek sampeyan gak ndukung yo mbuh, selot abot usahaku," omonge Tomin karo mecucu.
Mumet krungu anak bojone tukaran, Diman grayah-grayah sak'e. Ditokno duit sepuluh ewu trus dilungno anake. Ndelok duit sing dilungno bapake, Tomin kate protes.
"Iyo opo gak blas?" takone Diman.
"Iyo," saure Tomin karo ndang nyandak duit saka bapake.
Arek lanang iku mesem. Masio ora padha karo sing dijaluk paling ora ono sangu. Timbang blas, pikire. Mari nampani duit arek lanang iku langsung ngaleh karo mesam-mesem. Wiji sing ora trimo mung mecucu, ora nyuwara. Mari anake wis ngaleh, ora ono suwara wong wedok iku langsung nyocot nang bojone.
"Lapo mbok sangoni pak? Iku ngko lak maleh tuman areke. Sekolah ae gurung genah opo maneh lek ngko pacaran..."
"Jarno ta mak, arek sak munu iku lek mbok larang malah ndadi. Wong yo sik sir-siran ae, gurung mesti oleh. Justru ngene iki koen kudu siap-siap," omonge Diman.
"Siapa-siap yok opo?"