[caption id="attachment_214920" align="aligncenter" width="260" caption="dijupuk saka lik Google"][/caption]
"Min, sinau kono. Gak onok PR ta koen iku?"
Wiji sing kaet adus mbengoki anake sing lagek glundang-glundung nang ngarep tipi. Awan mau mulih sekolah arek lanang iku mangan trus turu. Tangi-tangi ora ndang adus malah nonton tipi. Ora ngalih-ngalih kaet Magrib.
"Min!"
Ora disauri, Wiji mbaleni lek mbengoki anake.
"Sik ta lah mak. Lagian adem, gak adus aku."
"Sinau! Bah koen adus opo gak, cakoti nyamuk yo rasakno dewe, penting sinau. Rupa koyok budeng kon adus angel sisan."
Nang kamar karo ganti klambi Wiji terus ae ngomeli anake. Sing diomeli ora gelem ngalih, pancet mentelengi tipi. Diman, bapake, sing lagek teko meneng ae. Wong lanang iku bablas nang pawon nggoleki wedange sing biasane wis dicepakno karo bojone.
"Deloken iku pak, anakmu, koen sinau angel. Iyo lek pinter ngunu, wong gobloke gak ketulungan ngunu," Wiji sing ngerti bojone wis mulih langsung wadul.
"Sinau koyok opo ae yo pinterku mung sakmene mak, gak iso dipekso. Arek iku pinter gak diturun soko mak'e. Masio ta sinau ben dino sampek dibelani gak turu," saure Tomin.
"Iku lak alasanmu. Ancen dasare kebluk ae, males."
"Yo gak. Sampeyan gak ngerti ta, iku lho jare wong-wong pinter. Uteke arek iku soko mak'e, niru mak'e. Dadi lek aku gak pinter ngunu yo guduk salahku, salahe pak'e iku."
"Lapo aku digowo-gowo?" takone Diman.
Diman sing mari lek nyruput kopine mlebu nang ruang tengah.
"Ancen arek kurang ajar kok arek iki," omele Wiji.
"Yo wes lek gak percoyo. Makane ta lek nonton tipi ojo mung sinetron ae, sing berita-berita ngunu yo ditontok cek ngerti."
"Nontok berita malah mumet pindo, mending goblok timbang mumet," saure Wiji.
Ora pingin anake goblok, Wiji sing ora suwi ngrasakno sekolah iku saiki sregep masak panganan enak. Pikire anake iku iso pinter lek panganane apik, dijogo. Kaya isuk iki, sing biasa sarapan mung lawuh krupuk opo tempe, Wiji wis nyiapno iwak pitik.
"Enak?" takone Wiji nang anake.
"Ho oh. Ngko bengi tumbasno sate yo mak?"
"Lha iki ngko iwak pitike lak iso digoreng maneh," saure Wiji.
"Lho, iki ngko ngge lawuh awan ae lak yo wes entek. Yo mak?"
"Ho oh."
"Sesuk masak opo mak?" takone Tomin.
"Koen pingin opo?"
"Daging."
"Daginge sik larang. Liyane ae. Sambel goreng ati ae yo, tak masak sing pedes sesuk."
"Ho oh."
Lek wis ngunu Diman sing kudu sabar. Dudu ora seneng ning kudu luwih sregep maneh lek kerjo. Sakjane yo seneng ndelok anak bojone iso mangan enak, opo maneh rukun ngunu ning yo kudu kuat dingrengiki bojone sing njaluk tambahan duit blonjo.
"Lha iyo lho Ti, Tomin sing sawangane gak tau sinau iku kok tibake yo pinter," omonge Wiji nang tanggane pas lagi dolan.
"Pinter yok opo, yu?"
"Lha wingi iku ujian oleh wolu. Biasane lak limo, enem, kadang malah papat. Sampek jegeg aku."
"Yo apik iku."
"Ho oh, tibake kok yo nurun aku. Tak pikir biyen lek nurun pak'e. Arek iku lak pinter gak'e nurun mak'e. Ancen kudu luwih sabar aku, tak bengak-bengoki batinku ki yo cek gelem sregep."
"Lha kae Roni tak seneni ben dino yo ngunu ae, angel lek kon sinau."
Lagek enak-enak ngobrol teko maneh tanggane siji.
"Wes mateng ta? Aku kate nyambel trasi malah lali gak tuku trasi mau, njaluk sitik ae Ti lek nduwe."
"Onok, kene lungguh sik."
"Edi wingi ujiane yok opo? Tomin oleh wolu wingi, seneng aku," omonge Wiji.
"Ujian elektro wingi ta?"
"Mbuh opo. Ujian harian ngunu jare Tomin. Tak delok kertase wolu bunder nilaine. Lha Edi oleh piro?" takone Wiji.
"Edi oleh selawe. Iku lak gurune loro dadi ujiane yo pindo. Separo tulis, separo praktek. Ngko nilaine digabung."
"Digabung yok opo?" takone Wiji durung mudeng.
"Ujian tulise lek bener kabeh oleh seket. Ngko prakteke yo seket. Dadi lek digabung satus. Edi ngko lek prakteke iso bener kabeh yo nilaine pitu limo."
"Iki trasine, mung sakmene onoke."
"Cukup, mung tak gawe sambel ae kok. Suwun."
Wiji sing mari dikandani sik mikir. Diitung-itung nilaine Tomin.
"Lha wingi oleh wolu ki lek sesuk bener kabeh prakteke lak dadi seket wolu..." omonge Wiji lirih, karo mikir.
"Ho oh. Iku lek bener kabeh lho. Praktek lak luwih angel," omonge mak'e Edi.
"Lha lak sik goblok arek iku. Wingi jatahe seket mung oleh wolu, separone ae gak sampek..."
Mak'e Edi sing ndelok tanggane mikir karo ngitung-ngitung nilaine anake melu gedhek-gedhek trus pamit mulih, kate nerusno lek masak.
"Lha sampeyan biyen opo gak sekolah, yu?"
"Yo sekolah tapi gak suwi. Njaluk diajar ancen arek iku, wani-wanine mbujuki mak'e. Padahal ben dino njaluk opo ae tak tukokno. Njaluk lawuh iki tak gawekno," omele Wiji gemes.
"Pinter gak sing penting areke sehat, yu.Wong yo pinter ngunu sakjanae areke hehehe..."
"Ho oh, pinter mbujuki mak'e."
"Turunane sopo lek ngunu iku?" takone Siti karo sik mesem.
"Yo turunane pak'e. Awas ae lek ngko njaluk-njaluk maneh. Wes, aku mulih," omonge Wiji pamit.
Sing dirasani nang sekolah lagek ngukuri gundule. Ujian praktek nilaine wis dibagekno. Tomin sing wingi ujian tulis mung oleh wolu ketambahan telung puluh limo nilai prakteke. Ngunu ae wis dibelani nglirik-nglirik sebelah pas nggarape. Mak'e mesti nakokno nilaine polahe dheweke kadung ngomong lek ujian. Wingi oleh wolu iso mbujuk lek bener kabeh sepuluh. Lha saiki kok ndilalah oleh telung puluh limo.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H