"Wes, gak usah ngurusi wong liyo," omonge Diman karo nuntun bojone mbalik nang omah.
Tomin sing ngerti mak'e karo pak'e mbalik mung mlongo. Arek lanang sing ngadeg nang ngarep lawang iku nyawang pak'e karo mak'e. Pas wong tuwane wis nang ngarepe langsung ditakoni.
"Gak sido pisah?"
"Gak," saure pak'e.
"Tapi aku ditukokno montor ya?"
"Ndasmu!" bengoke Wiji bareng karo Diman.
***
Beri Komentar
Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!