"Gratis ko ndi? Mben smse mlebu pulsane kesedot. Tipi dipercoyo."
Ngrasa kalah, Wiji sing sik mangkel ora trima.
"Ojo golek alasan, pokoke sampeyan salah!"
"Yo, salah sithik. Salah nulungi tonggo gak ngomong-ngomong bojoku."
"Rondo! Nulungi rondo!"
Diman meneng. Lek ngeyel ngko bojone selot emosi. Bengak-bengok isuk-isuk yo mbrebeki tangga. Wiji sik membik-membik karo ngomel masio wis ora banter. Diman meneng, ora nyauri.
"Pak, mak, lek ancen kate pisah yo wis. Aku manut keputusane pak'e karo mak'e lek ancen wes gak iso bareng-bareng maneh. Aku mung njaluk siji, tukokno montor cek enak lek nang pak'e opo mak'e..."
"Sopo sing kate pisah? Meneng, ojo malah nambah-nambahi!" ganti Diman sing saiki mbengok krungu omongane anake.
"Aku tak mati ae timbang dadi rondo!" bengoke Wiji.
Krungu omongane anake, Wiji sing mau wis rada tenang maleh mangkel maneh. Wong wedok iku mlebu kamar trus njupuki klambine. Anake bener, mending pisah ae. Klambi nang lemarine dilebokno tas trus digowo metu.
"Kate nang ndi mak?" takone Diman.