Sik kaget, Diman meneng ae.
"Jaremu biyen jangan kembalikan hatiku, taek! Lambemu kiwir-kiwir pak!"
Wiji sing wis ora kuat ngempet akhire nangis. Tomin sing lagek nggawe seragam nang kamare krungu mak'e bengok-bengok karo nangis langsung metu.
"Sampeyan wes lali pak, janjimu mung aku siji sing mbok tresnani. Janjimu mung aku wong wedok sing mbok pilih dadi mak'e anak-anakmu huhuhu..."
"Mak, lapo?" takone Diman sik bingung.
"Aku ngerti saiki aku wes ora ayu, ora enom maneh. Awakku yo wes sak mene gedene ning aku gak nyongko pak lek sampeyan tego karo aku. Sampeyan wes lali pak, sampeyan mendem, mendem wedokan!"
"Malah ngludruk. Omong opo sih koen iki?"
Diman selot bingung. Tomin sing rada sadar melu membik-membik ndelok mak'e nangis.
"Aku ngerti pak, lek dibandingno Lastri aku iki ora onok apa-apane. Lastri sik enom, sik kinyis-kinyis, masio ta rondo..."
Krungu ono jenenge tanggane disebut, Diman rada dong. Wingi wong lanang iku mbarengi tanggane iku sing lagek mlaku dewe mulih saka pasar. Masio durung jelas opo maksude bojone, paling ora saiki Diman wis duwe gambaran, bojone cemburu.
"Aku gak onok opo-opo karo Lastri mak. Wingi iku mung mbarengi thok, sakno mlaku panas-panas. Nulungi tonggo mak..." omonge Diman.