Edi, Budi karo arek telu kancane dudu ora ndredeg. Masio wis tau gelut ning lek tawur yo durung pengalaman. Jaman SMP ora tau tawur, paling gelutan biasa. Saiki wes STM, sekolahe terkenal tukang tawur sisan dadi yo kudu biasa, kudu wani.
"Eh iku...iku areke!" bengoke Budi.
"Ayo, ndang diparani ae selak ilang."
"Sik, kok akeh areke. Onok piro iku?"
Arek sing dienteni wis mecungul nang terminal ning ora kaya wingi sing mung arek papat, saiki arek iku karo kancane akeh. Diitung-itung ono sepuluh luwih.
"Akehmen, ndi ki Tomin?" takone Budi.
"Arek-arek liyane wes mbok kandani ta?" takone Edi nang salah siji kancane.
"Uwes. Jare mau diuyak pulisi. Kon muleh gak oleh nyangkruk nang warung."
"Brarti saiki wes muleh kabeh?"
"Ho oh, lha iki lho smse."
Bingung jumlahe ora imbang, ngenteni Tomin yo ora njebus-njebus, akhire Edi karo kanca-kancane pilih ngaleh karo misuh-misuh.