"Ndasmu iku, bonek kok wedi udan!" omonge Edi.
"Yo gak ngunu, aku gak onok seragam liyo maneh polahe. Yo sesuk tak sms lek ngunu."
"Gak usah, sesuk langsung diparani ae areke. Koen sik eling kan raine, Bud?"
"Eling lah, rai njancuki ngunu. Yo arek-arek sing biasane iku lho, sekolah sebelah. Langsung ngumpulno arek-arek ae awake dewe sesuk, kesuwen."
Edi, Budi karo Tomin, arek STM sing kaet mlebu iku lagek kumpul nang omahe Edi. Sore-sore ngene arek sing sik tonggoan iku leyeh-leyeh nang duwur lincak ngisor wit jambu ngarep omah. Wis dudu barang anyar maneh lek sekolah arek telu iku karo sekolah sebelah ora akur. Sekolah sing padha-padha nyasat lanangan kabeh isine iku kerep bentrok, tawur. Jalarane sepele ae, sawang-sawangan sithik ae iso dadi perkara. Jare lek nyawang ngunu iku ngejak gelut.
"Yo wes ngunu ae, dadi! Ojo lali sesuk gespermu," omonge Edi ngelingno.
"Ka'anku wes gak onok, diguwak karo makku," saure Tomin.
"Goblok koen arek iki, mbok yo disinggahno, didelikno sing tepak ngunu lho. Ka'anku onok, wingi pas razia tak slametno nang toilet sekolah."
"Yo koen goleko opo ngunu Min, ojo lawaran. Arek-arek sebelah iku gawanane mesti lengkap."
"Nggowo opo aku? Lek konangan makku iso ajur aku ngko," omonge Tomin sik bingung.
"Kaet mau mak'e ae sing diomongno. Koen iki lanang gak sih? Wedi ta karo makmu?" takone Edi.