"Meneng, ojo rame ae!"
Jenenge asu lek ono wong asing sing ora biasa diambu lak langsung jenggong. Asune tanggane Tarji yo ngunu, ora mari lek jenggong malah selot banter.
"Cuk, koen gak ngerti sopo aku?"
Selot diomeli, selot banter maneh asune lek jenggong.
"Aku ki Tarji, tonggomu! Asu!"
Krungu rame-rame asu jenggong, Endang sing tibake ora iso turu langsung tangi banjur buka lawang. Wis apal polahe bojone lek mendem, Endang marani omahe tanggane sing asune rame jenggong.
"Karo tonggone dewe ora apal, deloken sing temenan. Aku Tarji, blantik wedhus sing paling terkenal nang kampung iki. Pak'e Edi! Sik gak ngerti koen? Ancen asu!"
Ndelok bojone ngomeli asu, Endang gedhek-gedhek karo marani bojone.
"Oalah pak...pak, lha kok asu mbok seneni iku lapo? Lak koyok wong edan sampeyan."
"Ki lho mak, wes tonggoan pirang taun mosok aku sik dijenggongi ae. Gak kenal karo Tarji, blantik wedhus, opo gak kurang ajar ngunu iku?"
"Wes pak, ojo diterusno. Lek anakmu ngerti lak isin ngko areke. Ayo mulih."