Ora nyauri, Tarji nambah sak gelas maneh, langsung dientekno.
"Lha Endang kae galake ngalah-ngalahi garangan. Ben dino lek ngomel wong sak kampung krungu. Mosok wani Tarji iki karo bojone," saute Nono.
"Masio biyen ayu lek tuwek yo podo ae tibake, pancet alot. Hahahahaha!"
"Alot malah gak ndang entek," saure Tarji rada mangkel.
"Hehehehehe, guyon Ji. Aku ki masio wedokan nang kono kene nduwe ning mung siji sing tak gandoli, mamahe arek-arek. Liyane kei duit, sesasi pisan diparani yo wis trimo. Mung ngge selingan, tombo stres mikir kerjoan."
Jam sanga luwih, wong-wong lanang sing umure patang puluh luwih iku sik ae guyon karo ngubengno gelas. Wis pirang botol ae sing dibuka. Nang omah Endang sing ngerti bojone mesti nang omahe Bambang mung meneng ae. Anak-anake wis dikongkon turu kabeh. Wis tuwek, dikandani nganti lambene busanen yo ora bakal ngefek lek ora saka atine dhewe. Masio mangkel, Endang akhire milih turu.
"Gak popo ta? Iso mulih dewe?"
"Iso, aku lho wes apal dalan nang kampung iki."
"Yo wes, ati-ati."
Jam sewelas pesta nang omahe Bambang kaet buyar. Tarji sing mau ora nggowo sepeda motor ora gelem diterno mulih. Wong lanang iku rumangsa sik kuat, pilih mlaku. Karo sempoyongan wong lanang iku nggeret sikile sing wis ora iso jejeg amarga wis ilang kesadarane.
Masio kecontalan wong lanang iku sik iso mlaku. Diluk-diluk awake limbung, nubruki uwit nang pinggir dalan, tiang listrik. Omahe wis cedek, kurang pirang omah thok pas moro-moro ono sing jenggong. Kaget, mangkel dijenggongi, Tarji langsung ngomel.