Mohon tunggu...
Roro Asyu
Roro Asyu Mohon Tunggu... Freelancer - #IndonesiaLebihLemu

suka makan, suka nulis, suka baca, tidak suka sandal basah www.rinatrilestari.wordpress.com www.wongedansby.wordpress.com

Selanjutnya

Tutup

Humor

Kasar

8 Oktober 2012   05:00 Diperbarui: 24 Juni 2015   23:05 754
+
Laporkan Konten
Laporkan Akun
Kompasiana adalah platform blog. Konten ini menjadi tanggung jawab bloger dan tidak mewakili pandangan redaksi Kompas.
Lihat foto
13496723621275323160

"Pak, deloken kae anakmu. Lapo kae ndrenginging," omonge Narti saka kamar.

Paijo sing lagek ae kate lungguh, mari muleh kerjo, langsung bablas nang mburi omah. Nang mburi omah Ndemin 1 sing lagek dolanan karo kancane ketok nangis. Arek cilik iku pingin nyilih dolanane Tomin ning ora diolehi. Ngerti Ndemin 1 nangis, bapake teka, Tomin karo Andri mlayu mulih.

Ndemin 1 sing nangis dicandak bapake, masio pancet ora iso dineng-neng. Arek cilik iku kaet gelem meneng pas dikeloni mak'e karo dimimiki.

Bengi Paijo uglak-uglik nang ngarep tipi. Anak-anake kaet ae merem kabeh. Narti metu saka kamar karo nyandaki klambi-klambi reget sing kate diumbah.

"Wes diomongi bolak-balik pancet ae dibaleni. Lek reget ngunu kui yo langsung diteleh nang mburi, ojo disampir-sampirno ngene ki. Ngambon-ngamboni," omele Narti.

Paijo meneng ae. Ngomel wis penggaweane bojone, lek disauri malah ngajak geger jenenge.

"Pak, sesuk tukokno iwak pitik. Mau anakmu njaluk ae, sesuk lek gak dituruti lak nangis ae. Sedih aku krungune," omonge Narti karo nyandaki dolanane anake sing morat-marit nang njobin.

Paijo meneng. Dudu ora krungu sakjane ning ora pingin nyauri.

"Pak," baleni Narti.

"Iyo. Njaluk pirang kilo?" takone Paijo karo pancet nyawang tipi.

"Atek takok pirang kilo, yo sing penting iso ngge lawuh. Wong yo senenge mung pupu ae."

Bengi wayahe turu Paijo kepekso ngalah. Ndemin 1 sing kaet isuk ndrenginging malih ora penak turune, polah terus. Adike dijejeki, mak'e dijejeki, bapake dijejeki. Kasur sing ora ombo, selot cupet goro-goro Ndemin 1 polah ae lek turu. Krembuk-krembuk Paijo metu, turu nang ngarep tipi.

"Min, raup dhisik!" bengoke Narti.

Sing dibengoki malah selot banter lek mlayu. Arek cilik iku tangi turu langsung pingin dolanan. Eling lek kancane duwe montor-montoran anyar.

"Pak, kae cekelen anakmu. Rupane sik kepet ngunu kae lho. Adusono sisan," saiki Narti mbengoki bojone.

Paijo kaet ae metu saka WC pas dibengoki bojone. Niate kate adus trus budal kerjo. Disawang bojone sing umek nang pawon, masak. Anake nomer loro sik turu, nang kamar.

Mari melu ngurus anake, kaet ae kate budal, sik nyandak sepeda, bojone mbengok maneh, nyeluki.

"Pak!"

"Lapo maneh?" saure rada banter.

Narti sing krungu bojone rada mbengok lek nyauri moro nyedeki.

"Ngko awan ojo lali mulih dhisik, aku kate metu sediluk," omonge Narti.

"Yo mbuh, ndelok iso gak ngko," saure Paijo.

"Yo kudu iso, aku males ngajak Ndemin mesti marai geger ngko."

"Lha yo ndelok kerjoane iso ditinggal opo gak, kok mekso," saure Paijo.

Krungu bojone ora ngiyani Narti langsung mecucu, ora trimo.

"Pokoke kudu muleh!" balene Narti.

"Yo sak sirku," saure Paijo ora gelem ngalah.

Paijo budal, ninggal bojone sing plonga-plongo. Narti rada bingung karo polahe bojone sing kerep meneng saiki. Lek dijak omong yo kerep banter lek nyauri. Ning wong wedok iku akhire meneng ae, mbalik nang penggaweane sing akeh ngenteni, mumpung anak-anake anteng.

Awan, Paijo sing dienteni temenan ora mulih. Narti sing wis siap-siap kate metu karo Paini akhire mung iso mecucu. Kepekso, anak-anake digowo kabeh. Repot. Wong wedok iku dijak Paini nang JMP. Paini sing mari dikei duit bojone pingin mlaku-mlaku karo golek sandangan. Narti sing suwi ora metu gelem ae pas dijak, wong yo mung melu mlaku ae, ora kate njajan.

Sore Narti mulih dhisikan timbang bojone. Atine sik mangkel polahe gelo bojone ora gelem mulih, njogo anake. Pingine mung Ndemin 2 ae sing dijak. Ndemin 1 kaya sing diwedeni mesti playon, ruwet dhewe.

"Wes diomongi kon muleh sediluk ae gak gelem. Untung mau gak pecah barange, lek pecah lak kudu ngijoli," Narti mulai ngomel.

Sing diomeli meneng, neleh sepeda trus lungguh nang ngarep tipi.

"Kate dolen sediluk ae gak iso..."

"Yo salahmu dhewe gelem duwe anak. Salahmu dhewe gelem karo aku. Aku yo gak tau mekso koen..."

Narti kaget. Ora nyangka lek bojone bakal nyauri sebanter iku. Disawang bojone sing ora ngaleh saka ngarep tipi. Saklawase urip karo Paijo iso diomong ora tau bojone iku ngomong banter, kasar.

Narti sing kaget langsung ndredek. Wong wedok iku akhire milih mlebu kamar trus ngeloni anak-anake sing wis turu dhisikan. Ora kroso luh'e netes nang pipi.

Mari mbengoki bojone, Paijo meneng. Wong lanang sing sik kesel awake mari mulih kerjo iku yo ora nyangka bakal ngomong banter nang bojone. Wong lanang iku akhire ngletakno awake nang kasur busa ngarep tipi.

***

HALAMAN :
  1. 1
  2. 2
  3. 3
  4. 4
Mohon tunggu...

Lihat Konten Humor Selengkapnya
Lihat Humor Selengkapnya
Beri Komentar
Berkomentarlah secara bijaksana dan bertanggung jawab. Komentar sepenuhnya menjadi tanggung jawab komentator seperti diatur dalam UU ITE

Belum ada komentar. Jadilah yang pertama untuk memberikan komentar!
LAPORKAN KONTEN
Alasan
Laporkan Konten
Laporkan Akun