"Yo mbuh, ndelok iso gak ngko," saure Paijo.
"Yo kudu iso, aku males ngajak Ndemin mesti marai geger ngko."
"Lha yo ndelok kerjoane iso ditinggal opo gak, kok mekso," saure Paijo.
Krungu bojone ora ngiyani Narti langsung mecucu, ora trimo.
"Pokoke kudu muleh!" balene Narti.
"Yo sak sirku," saure Paijo ora gelem ngalah.
Paijo budal, ninggal bojone sing plonga-plongo. Narti rada bingung karo polahe bojone sing kerep meneng saiki. Lek dijak omong yo kerep banter lek nyauri. Ning wong wedok iku akhire meneng ae, mbalik nang penggaweane sing akeh ngenteni, mumpung anak-anake anteng.
Awan, Paijo sing dienteni temenan ora mulih. Narti sing wis siap-siap kate metu karo Paini akhire mung iso mecucu. Kepekso, anak-anake digowo kabeh. Repot. Wong wedok iku dijak Paini nang JMP. Paini sing mari dikei duit bojone pingin mlaku-mlaku karo golek sandangan. Narti sing suwi ora metu gelem ae pas dijak, wong yo mung melu mlaku ae, ora kate njajan.
Sore Narti mulih dhisikan timbang bojone. Atine sik mangkel polahe gelo bojone ora gelem mulih, njogo anake. Pingine mung Ndemin 2 ae sing dijak. Ndemin 1 kaya sing diwedeni mesti playon, ruwet dhewe.
"Wes diomongi kon muleh sediluk ae gak gelem. Untung mau gak pecah barange, lek pecah lak kudu ngijoli," Narti mulai ngomel.
Sing diomeli meneng, neleh sepeda trus lungguh nang ngarep tipi.