[caption id="attachment_200101" align="aligncenter" width="630" caption="ilustrasi dijupuk saka russellmcgee1977.deviantart.com"][/caption]
"Pak ojo lali omonganku mau."
"Ho oh."
"Klambine ojo lali dientasi lek garing, dilempeti sisan."
"Iyo...iyo."
Jam sanga Narti umek dhewe. Ndemin 2 wis turu maneh mari dimimiki. Ndemin 1 dijak mbahe. Paijo lungguh nang pinggir kasur karo ndeloki bojone sing bingung dhewe.
"Iki apik gak pak?" takone Narti karo nduduhno rok sing dicekel.
"Elek," saure Paijo.
"Elek yok opo?"
"Yo elek."
"Gak ah, iki ae. Sik apik kok," omonge Narti.
"Dikandani kok, nggawe sing biasa ngunu lho."
"Lha aku opo nduwe klambi sing gak biasa?"
"Yo guduk iku pokoke."
Narti njajal rok'e. Rok sepan werno ireng sing biyen ditukokno mamahe sik cukup digawe. Ora nggatekno omongane bojone, Narti njupuk nduwuran trus digawe. Hem kembang-kembang werno putih ungu sing lengene separo. Paijo ndlongop ndelok bojone. Klambi sing digawe Narti klambi lawas kabeh. Ndelok bojone, Paijo eling Narti jaman biyen.
"Apik tho?" takone Narti.
Paijo meneng. Narti nang ngarepe ora bedo karo Narti jaman durung rabi biyen. Klambi sing biyen rada longgar saiki siset, malah tambah pas nang awak.
"Apik opo, metetet ngunu kok apik. Yok opo lek moro-moro bedah kancinge?" omonge Paijo.
"Yo gak. Mosok aku kate pencilakan. Wong mung lungguh, ngrungokno kok."
"Lek diomongi mesti gak percoyo. Sak karepmulah."
Narti meneng ae. Diterusno lek macak. Rambute disisir, dikuncir trus nggawe wedak. Lek ora ngerti ngunu mesti dipikir sik sekolah.
"Budal sik," pamite Narti.
Ganti Paijo sing meneng. Wong lanang iku ora ngaleh saka nggone. Narti metu sakwise ngambung anake. Nang kecamatan wong-wong wis rame. Narti lungguh karo wong-wong wedok kampunge sing kepilih makili kampunge. Nang sebelahe, Paini ora gelem kalah. Wong wedok iku dandan heboh.
"Apik gak klambiku Ti?"
"Apik. Anyar ta?"
"Ho oh. Wingi Pak'e Tomin tak kon nukokno. Nang JMP aku wingi."
Narti manthuk-manthuk. Narti karo Paini dipilih makili polahe sik enom. Sekolahe yo lumayan duwur timbang liyane. Nang kecamatan lagek dianakno program pemberdayaan ngge wong-wong wedok kampung. Rencanane pelatihan iku nganti limang dina, mulai Senin sampek Jum'at.
"Byuh deloken iku Ti, cek gantenge mas iku."
Narti ndelok wong lanang sing diduduhno Paini. Wong saka LSM sing ngewangi pelatihan nang kecamatan iku ancen ganteng. Awake gedhe duwur, kulite resik. Ketok lek dudu wong sembrana.
"Duh deloken kae eseme, cek manise. Matek aku lek ngene terus," Paini terus ae lek ngrasani wong lanang sing jenenge Ardi iku.
Ora trimo nang kecamatan, omongane Paini sik diterusno ae pas mulih. Malah mari Magrib wong wedok iku dolan nang omahe Narti.
"Gurung rabi Ti areke," omonge Paini.
Narti sing lagek ngemiki anake nang kamar mung ngrungokno.
"Iku lak sak umurane kene sih. Cobak lek aku gurung rabi..."
"Kate mbok apakno lek gurung rabi?" takone Narti.
"Yo tak siri lah. Mesti iku anake wong sugeh, ketok ko pacakane. Pinter sisan. Duh..."
Bengi Narti wis siap-siap kate turu. Anak-anake wis anteng kabeh. Pas kate nggletak eling bojone. Yahmene biasane bojone iku wis gletakan nang kasur. Bengi iki bojone ora ketok.
"Pak," celuke Narti.
Ora ono sing nyauri. Narti metu saka kamar. Didelok bojone iku lagi nonton tipi.
"Gak turu?" takone Narti.
Paijo meneng, ora nyauri. Wong lanang iku terus ae mentelengi tipi nang ngarepe.
"Pak!" balene Narti.
"Turuo kono," saure Paijo.
Ngantuk, Narti mbalik nang kamar maneh. Ora suwi wong wedok iku langsung turu. Bengi Paijo mlebu nang kamar. Disawang bojone sing wis turu karo anak-anake trus nggletak.
"Lek macak koyok ngunu gak ketok lek wes nduwe anak loro."
Paijo meneng. Isuk mari bojone pamit budal nang kecamatan wong lanang iku budal kerjo. Ora adoh, mung nang tanggane sing tipine rusak.
"Koen ancen bejo. Wes ayu, gak neko-neko maneh. Cobak mak'e arek-arek koyok bojomu."
Paijo ora nyauri. Wong lanang iku terus ae umek karo gaweane.
"Ati-ati digondol uwong lho hehehe..."
"Yo kono lek gelem areke," saure Paijo.
"Ha...ha...ha guyon, ojo dilebokno ati. Wes tak tinggal sik."
Mulih mbenakno tipi Paijo mampir nang omahe emake. Anake dijak mulih. Jam setengah telu Narti wis teka omah. Wong wedok iku ketok kesel. Jajan pembagian saka pelatihan dikekno Ndemin 1. Arek cilik iku langsung sorak-sorak, seneng.
"Cecuk eneh yo mak," omonge karo nyamuk-nyamuk.
"Yo lek oleh maneh."
"Pak'e emoh?" takone Ndemin 1 nang bapake.
"Emoh."
"Yo wes," omonge Ndemin 1. "Tak entekno dhewe."
Dina ketelu pelatihan Narti sik umek nang omah. Paini wis budal kaet isuk. Wong wedok iku ora gelem ketinggalan. Ndelok bojone sik durung dandan Paijo kaget.
"Mak, gak budal ta? Opo libur?" takone.
"Gak."
"Lapo?" takone Paijo.
"Kate umbah-umbah."
"Lah? Ngko tak umbahe. Wingi gak sempat..."
"Gak popo."
Narti njunjung timba sing bek klambi reget nang sumur. Wong wedok iku mulai nimba banyu. Paijo sing sik bingung nyedeki bojone.
"Mak..." celuke. "Nesu ta? Aku lho gak nesu. Wingi rodok gak enak awak ae makane males. Wes gek macak kono, telat ngko."
"Aku lho pingin umbah-umbah," saure Narti.
"Lah, ngko-ngko lak iso. Dienteni ngko karo wong-wong."
"Gak, lha lapo ngenteni aku."
Paijo meneng. Wong lanang iku ngrasa ora enak. Wingi-wingi dijak omong bojone aras-arasen, akeh menenge. Narti sing wis paham modele bojone paling yo ngrasa, batine Paijo.
"Aku percoyo awakmu mak. Wes gek budal kono. Gak, gak nesu maneh aku. Ndang..."
"Iku cocoke ngge arek-arek sing durung nduwe anak bojo, arek enom-enoman..."
Paijo ngrungokno omongane bojone. Masio sik ngrasa ora enak, dheweke ora mekso bojone budal nang kecamatan maneh. Wingi pas pelatihan wis buyar, pas Narti kate nang toilet, Ardi nyedeki dheweke. Wong lanang iku jebule duwe rasa nang Narti.
"Tak ewangi yo," omonge Paijo karo nyandak kumbahan.
***
Baca konten-konten menarik Kompasiana langsung dari smartphone kamu. Follow channel WhatsApp Kompasiana sekarang di sini: https://whatsapp.com/channel/0029VaYjYaL4Spk7WflFYJ2H