"Aku pingin kuru," saure Narti.
"Malah koyok wong gak kopen ngko. Ngene lho wes apik, seksi malah. Kuru-kuru ngko gak enak ngge senden," omonge Paijo karo mesam-mesem.
"Padakno amben ae ngge senden," saure Narti mangkel.
"Ben dino yo ngurusi omah lak cilik dewe ngko awake. Ndemoken ta awakmu siset ngene, atos. Kuru ki gak seksi mak, koyok wong gak tau dipakani."
Narti sik mecucu. Wong wedok sing turu nyingkuri bojone iku sik durung lega atine masio wis ngakoni lek bener omonge bojone. Narti yo wedi lek nganti ganggu susune anake. Nukokno susu kaleng yo malah nambah perkoro ngko.
"Lek kuru gak enak dicakoti, balung thok," omonge Paijo karo geget-geget lengene Narti.
"Wes...wes, turu," omonge Narti.
Lek biasane senam mesti sore, khusus dina Minggu senam digawe isuk. Omahe Bu RT wis kebek uwang. Ora mung sing melu senam ning sing nonton yo ora kalah akeh. Arek-arek cilik sing libur sekolah melu emake. Arek enom-enoman lanang melu ngincengi arek-arek wedok sing wis siap atek klambi senam, masio sak onoke.
Narti kaya biasa umek karo anak-anake. Paijo sing masio dudu pegawe milih nang omah lek Minggu ngene. Biasane lek ora nandur-nandur yo mbenakno kolam, opo ae sing iso digarap nang omah. Ndemin 1 mari mangan mlayu nang omahe Bu RT, kate nonton wong senam.
"1...2..." suwarane guru senam semangat ngitungi.
Paini sing kaet njaluk klambi senam nang bojone ketok sumringah, semangat. Wong wedok sing teka telat mergo diriwuki Tomin sing nangis jaluk dolanan iku wis gembrodos kringete.