"Gak, mung wedok-wedok thok. Mak'e Omin lek cenam lucu, megal-megol hihihii..."
"Wou...yo ngunu iku lek senam cek seger, sehat."
"Mak'e gak melu? Cek cegel, gak necuan."
"Mak'e sehat, seger yoan," saure Paijo.
Narti sing ngrungokno omongane bojo karo anake iku selot mecucu. Durung nganti ngomong pingin melu senam wis iso nebak jawabane bojone.
"Tapi kok necuan? Wong sehat gak necuan," omonge Ndemin 1.
"Mak'e necu lek koen nakal, gak manut karo mak. Lagian mak'e lho gak necuan, mak'e kan ancen seneng mecucu. Iku ngunu yo senam, senam lambe."
Ndemin 1 manthuk-manthuk. Arek cilik iku akhire jaluk kelon pak'e trus merem, turu. Narti sing mari nurokno Ndemin 2 melu ngletak.
"Pingin melu senam ta?" takone Paijo lirih, wedi lek anake tangi.
Narti meneng, ora nyauri. Nang njero ati wis mbedodok.
"Guduk gak oleh mak, lha iku sename lunjak-lunjak nemen ngunu. Tole sik cilik, ngko lek ganggu mimiki yok opo?"